atajem lir saralungit. 38. Lungit mingise ing kalbu, pangulur nalar winiwir, ing pambukaning warana, kawida daning pambudi, byar melok tan kaalingan, wijange sawiji-wiji. 39. Tetela kalangkung ewuh, ewuhe prameng sastra di, ewuh ka-alingan gampang, yen tan wruh ugering urip, wruh pamoring kasamaran, samaring jagad sakalir. 40. Liring jagad mengku suwung, suwunge amengku isi, swasana kang midering ngrat, mahya manjing ing sakalir, warata datanpa sela, kemput anglimputi bumi. 41. Iku warana kang agung, Kang misesa gunging urip, nging ywa nganti wininesa; ngatase sarjanan niti, tan samar jatining tunggal, genti winesesanen aglis. 42. Pusaranen sangara hru, ularana den kapanggih, iku sanjata pamungkas, panah rante kaṇcana di, unggyane neng pagelaran, rumambat ing taratag di. 43. Mrambat Sesang sing tirta rum, madirda Grejitawati, Bathara Suksma Kawekas, Hyang Widdhi Bathara Oti, hanitah toya nirmapa, aneng Ngayugyakarta di. 44. Lir Ayudya karaton gung, karatone Sang Dasarati, sumbering tirta amreta, lan kang Latamaosadi, yen tan wrin rasa mangkono, tangeh lamun saged ngambil. 45. Jemparing rantemas kinum, herpawitra tirta wening, inumen weh paripurna, nir kalesaning samadi, dumadi wruh samusthinya, langkap ingempan jemparing. 46. Kang nyenyep tinrapken sampun, ing kekendheng lon tinarik, ingembat langkap wus membat, den embat mawola-wola, tajame kang brajatikswa, sinipat tursina hardi. 47. Lengkehing hardi umurub, urubing cahya nelabi, narawang jatining tingal, bongganekang datan uning, lupute si yuyu kangkang, paman dhoplang Nadi pundi. 48. Wedharing mawantahipun, jangka jangkaning Sang Ngaji, kasrah miring pra nawung kridha, kridhaning pra prameng kawi, ing Ngayogya kawongan, maweh demaring pangerti. 49. Pangerti trang tumlawung, agal alus den kawruhi, ngirib irib Gustinira, Jeng Sinuwun kaping siki, Ratu Agung Wicaksana, wus alingga Jawata di. 50. Sanjatraning rat kawengku, tan samar sawiji-wiji, mahambeng sarjaning rat, waskitha prayitneng westhi, kotamane tanpa sama tetep dandananing bumi. 51. Datan sah denya memangun, mamangun sarta martani, kang pinindeng jro wardaya, rahayuning kang sabumi, linabetan tapa brata,
mangreh ing sarira Aji. 52. Lepasing ponang pandulu, tan pae lan Sang
4
Kitab Primbon "Quraisyn Adamınakna"