Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Qoraisyn Adammakna (Serat Jangka Jayabaya).pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

11. Bumi ilang brekatira, ama kathah kang ndhatengi, katu kathah ingkang iang, Cinolong dening sujanmi, panrisaknya nglangkungi, karana rebut rinebut, risak tataning Janma, yen dalu grimis keh maling, yen rina a kathah tetiyang ambegal.

12. Heru hara sakeh janma, Rebutan ngupaya bukti, tan ngetang anggering praja, tan tahan parihing ati, katungka praptaneki pageblug ingkang linangkung, lelara ngambra ambra,waradinsa tanah jawi, ending sakit sorenya sampun pralaya.

13. Kasandhung wohing pralaya, kaselak banjir ngenasi, udang barat salah nangsa, angin gung anggerisasi, kayu gung brastha sami, tinenipuhing angin agung, kathah rebah amblasah, lapen lepan sanya banjir, lamun tinon pan kadya samodra bera.

14. Alun minggah ing daratari, karya rusak tepis wiring, kang dumunung kering kanan, kajeng akeh ingkang keli, kang tumuwuh apinggir, sanya kenthir trusing laut, sela geng sami brastha, kabalebeg katut keli, Gumalundhung gumludhug suwaranira.

15. Hardi agung-agung samya, heru hara ngge irisi, gemlegar suwaranira, lahar wutah kanan kering, ambleber angelebi, nrajang wana lan desa gung, manungsanya keh brastha, kebo sapi samya gusis, sima gempang tan wonten mangga puliha.

16. Lindhu ping pitu sadina, karya sisahing sujalmi, sitinipun samya nela, brekasakan kang ngelesi, anyeret sagung janmu, amungsa pating galuruh, kathah kang nandang roga, wama wama ingkang sakit, awis waras akeh kang tekeng pralaya.

17. Sabda palon nulya mukswa, sakedhap mboten kaeksi, wangsul ing janan limunan, langkung ngungun sri Bupati, Njereg tan bisa angling, ing manah langkung gegetun, keduwung lepatira mupus

karsaning Dewa Di, kodrat iku sayekti tan kena owah.

74

Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"