Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Qoraisyn Adammakna (Serat Jangka Jayabaya).pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kasusul panjebluge gunung Tidhar, sasidheming gara gara, ing jagad padhang sumilak, pangeran paring pangapura, kang papulasan malecet pulase, katon sawantahe, kang mas, katon mas kang timah katon timah, satriya, katon satriya, kere katon kere, kang ala katara, kang becik ketitik, kang salah seleh, rawe rawe rantas, malang malang putung, Ratu mau ambleg utama, lumuh bandha, ghahare mung sajung, marga saking welas asih mring kawula. Jujuluke Iman Mahdi iya Kalana jayeng palugon, akedhaton ing Grjitawati, tangah tengahing bumi Mataran, saikine kasangsaya lagi tarakbrata anglindhung mring pra kawula, entenana den saranta kalayan madhep Hyang Suksma. Dene rawuhe Ratu adil iku saka lor kulon, mulih mring pakuwone, ing kono mulyaning Nungsa Jawa, harja Kreta tan ana sakara kara.

JANGKA JAYA BAYA
SABDA PALON
Babon asli Kagungan Dalem Bandara Pangeran
Harya Suryanegara ing Ngayugyakarta
SINOM

1. Padha sira ngelingana Carita ing nguni-uni, kang kocaping serat babad, Babad negri Majapahit, Nalika duking nguni, Sang Brawijaya a Prabu, pan samya pepanggihan, kaliyan Jeng Sunan Kali, Sabda Palon Naya Genggong Rencangira.

2. Sang a prabu Brawijaya, Sabdanira arum manis, Nuntun Dhateng punakawan, 'Sabda palon paran ngarsi, Jeneng sun sapunik, wus ngrauk agama Rasul, heh kakang pekenira, Meluwa agama suci,

Luwih becik iki agama kang mulya.

72

Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"