1 Salebara Raja Kuning anggulung bandarane kang amrapaba mas mubang rupane, mulih ing dhangkane ngalor parane, banjur ana perang panggempuran saka for kulon tekane, kang banjur ngepung wakul saka keblat pat kalima pancer
2. Nakoda ngantepi jurit amutatuli, kadedayan sumarambah warata skongsi nimbulake peperangan ing jro kurungan..
3. Wong gedhe padha kleru singgih, ana Raja jimenggung wong rucah lan kinuya kuya, wong rucah ngdhangkrang, ing kono patine botoh lor.
4. Marga peperangan mau, anane pepati tanpa aji, ing pati marga saka perang, saka kobong ginawe karang abang, lan mati kabingungan.
5. Mangkono karsaning Pangeran, wong Jawa kongsi kari saparo, Cina Landa kari sajodho.
6. Wong cilik padha dadi mantri bupati, wong gedhe kasangsaya, ratu keplayu kinuyakuya
7. Akeh omah dhuwur tanpa aji, wong mangan wong, lan padha bingung ora ngerti adhepe wong, wong padha umbag, arang. kang bener omonge, omong mung tunggal swara, tanpa tabet, nyatane kosong, begjane kang ora kelu, cilakane kang ngaji-aji mangeran kumandhang
8. Wong nganggur jinagur, wong ladak kacandhak, wong wani gelis mati, wong kendel kacekel, wong ndhekekel kapetel, kang temen
lumuh marga ora kapaelu, kang blilu dilulu, kang slingkuh kukuh
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"
69