pukulan, mring pra manggaleng praja, suci jujur eka kapti, yen mangkono Ratu adil enggal prapta.
1. Risaking kang Tanah Jawa, kamban dening wewe putih tebu wulung gagamanya, wong jawa abosah-basih, wong desa keh kang sedhih, keles dening bawanipun, nalangsa mring Jawata, antuk sihira Hyang Widhi, cahya jenar mijil saking ing mbang wetan.
2. Anyunari Tanah Jawa, padhang sumilak mrat ani, wewe putih duk umirat, palarasan mundur sami, bali mring dhang kaneki, ingkang cahya gya duduning, anaing Tanah Jawa, kawan dasa catur sasi, nuli sirna wong Jawa antuk ngapura.
3. Luwar saka ing babaya, jumeneng ngadeg pribadi, Hamengku ing Tanah Jawa, jumeneng atindak adil, mimitran liyan nagri, lampah nyatuntun-tinuntun, tan ana slayeng karsa, eca manahe pra alit, nagri harja Mirah sandhang tumin redha.
4. Numbul darajating praja, anglir surya sonareki, warata satanah Jawa, tumeka ing kanan kering, kang miyat cahya yekti, blereng pra sami anungkul, tan 'kwasa miyat cahya, padhang sunarira wening,
sami prapta mangastuti jaya-jaya.
66
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"