agung, pagelaran Pancaniti, ing ngriku wonten yayasan, sinandi samuning warni, sanget kandel sinintronan, kinunci supatra wingit. 24. Pra abdi suci satuhu, yen wrin jangka jangkah Aji, mila sanget sinasaban, jangka mesthi musthika di, piwulang Dalem Sang Nata, toya di pawitrasari. 25. Wondene panginumipun, bikak gedhong waja riyin, jinagi Hyang Nagaraja, werite angliliwati, nanging ana si ananira, yen tut wuri Hyang Maruti. 26. Hyang Pawana kang satuhu, mangalatan binalatin, lire pulet pinuletan, sumrambah ing angga yegti, ayuning ponang jiwangga, Hyang Angin kang mahya manjing. 27. Mangkono ponang sisintru piwulang Dalem Sang Ngaji, pambikaking gedhong Jawa, tan Iya sing Hyang Maruti, laraping sanjata barat, melok tanpa aling aling.. 28. Darmane ulah sasatreku, lumintu amangastuti, anglindhung Hyang Samirana, yeku tajalining urip, uriping jiwangganira, nglimputi sajagad iki. 29. Lor kidul wetan kemput, kilen ngandhap miwah nginggil, tan wonten enggen kang sela, ngatase pra sujana di jagad kinepel pan dadya, samrica binubut yekti. 30. Cethanya datan winuwus, pamama jroning paningit, mila tratag ran paglaran, lan tratag rambat ugi, nameku pan Kawi jarwa surasane apan nunggil. 31. Rumambat puniku hidhup, umur petunganing urip, utawi petungan masa, masa dadi kanyataning, barang kang lagi gumelar, gumelar iku lumaris, 32, Lumaris hidhup puniku, kang lajeng dipun petangi, yen jatine tanpa Setang; nging wajib sami metangi, aywa tinggal ing sarengat, lahir batin den engkoki. 33. Ywa pisan ngorakken ngelmu, nadyan wasis nganggit-tanggit, angiket ukareng basa, yen tan wruh jatining tulis, agama mengku surasa, iku masih tuneng budi. 34. Tan kena agrusa-grusu, ngatase pra prameng ka-wi, kudu wrin sadining f basa, basa lungiting sastra di, suraseng kang sastra cetha, cethane sawiji-wiji. 35. Wijining rahsang tumlawung, tuwuh neng rahseng samadi, tan panggih pinadu ujar, jarwa jarwi nadyan saking, propesor sing jabalekat, pasthi tan kwasa meruhi. 36. Weryhe mung mengku suwung, artine tan mengku isi, isi pangunjukan soma, wewening rahseng Hyang Oti, kang rahsa nunggal sasana, neng jroning cipta mawening. 37. Mangkana parameng kayun, yogya den nawas den eling, meruhi
sandining sastra, nora kena den gagampil, kedah wening kang paningal,
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"
3