1. Sesotyaning tanah Jawa, oncat embananeki, owahing kang tata cara, golongan patang prakawis, aluluh dadi siji angrasuk kasudranipun, nagara tanpa tata, mung mruru kasil pribadi, tingalira tumuju salak rukma.
2. Kusuma taruna tama, mbek-suci ngupala wening, linawuran dening Allah. wus mantun denya piningit, kinen anyapih sami, kang. samya gung perang pupuh, lan nyimaken durmala, mamalaning Nungsa Jawi, gya tumindak nglakoni pakoning Allah.
3. Ngrabaseng prang mung priyangga, prasasat tan ngadu jalmi. prajurite mung sirolah, tutunggale langgeng eling, parandene kang san ara mangsah kabarubuh, durhaka tutumpesan, tan lami pan sirep sami, ginantyaning ing jaman kreta raharja.
4. Pan wus ilang malaningrat, sinalin tulusing becik, lire murah sandhang tedha, durwiala, dursila enting, enak atine sami, wong Jawa sadayanipun, sawusnya tentran samya, neng gih Sang Satriya suci, pan jinunjung wong ngakathah nadeg nata.
5. Ambawani tanah jawa, jujulukira Narpati, Kangjeng Sultan Herucakra, ugi kangjeng Ratu Adil, kawentar asmaneki, tekeng tanah Sabrang kemput, tuhu musthikeng jana, nyata kakasihing widhi, mila tansah pinuji mring wong sajagad.
6. Dhuh sanggyaning sanakingwang, mangga sami den titeni, dora tanapi temenya, ujare wirayat gaib, mugi saged netesi, yeku pitulungan agung, nging kedah sawi srana, sranane tobat mring widhi, tobatira mung suci manah raharja.
7. Wirayat gaib kang weca, yekti nora cidra pasti, rawuhaw Sri Herucakra, lamun para pramugari, kang ngasta pusaraning, Tanah Jawa sami emut, marang para kawula, nanging yen katungkul sami salah wengweng rerebatan mas salaka..
8. Yen mangkono pasti gila, Herucakra Ratu adil, Nora teka malah
lunga, sarwi nabda nyupatani, dhuh Allah mugi mugi, maringi enget