Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Qoraisyn Adammakna (Serat Jangka Jayabaya).pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

9. Surakarta Kraton gung, wahyu sepalih wis ngalih, tumibeng aneng Mataram, karan ing Grejitawati, tengahing wana pabringan, jangkaning Kraton Jawi. 10. Mila duk murweng prang pupuh, tanah ing Grejiwati, kang wus tinenggan Bupatya, Jayawinata wirarni, ginebag nungkuling yuda, asrah jiwa nyuwun ngabdi. 11. Tinampan pangabdinipun, tuluse dadya Bupati, lestari kinen anengga, nganti tumekeng ing wanci, adeging kang Watulaya, sarampunging mangun jurit. 12. Sajroning amagut pupuh, tan tilar samadi ening, wiring lampah wus kalampah, yeku wus kwuningan dhihin, asor ungguling ngayuda, Jeng pangran sampun udani. 13. Lamun dereng wonten dhawuh, dhawuhing Hyang Otipati, kang wus nunggil sajroning tyas, tyasa Jeng Amangku Bumi, Jeng pangeran dereng arsa, jrih kalamun andhingini. 14. Yen wus kawenganing kalbu, lagya tumandanging jurit nadyan ingebut sayuta, sakethi wuri tan gingsir, kandel kumandel Hyang kang murbeng jantraning bumi. 15. Mila yen mrawaseng pupuh mungsuh dhadhal tan ngundhili, pra wandawa pantes nulad, Jeng Sinuwun Mangkubumi, tan pae lan Hyang Kesawa, Sri Kresna ing Dwarawati. 16. Duk sinrah pakaryan agung, Pandhawa ambotohi, tempuking prang Bratayuda, Sri Kresna dahat rudatin, denyarsa badhe mranata, ywangani kuciweng kardi, 17. Gya maneges Sanga Prabu, ing Dewa ingkang linuwih, ngesthi alusing paningal, wenganing cipta neng hening, pan mangkana pratapiram, ngreh huswa kang mahya manjing. 18. Sareh rereh napas nupus, wantune Sri Harimurti, tan ngantos sakedhep netra, wus jumbuh kawula Gusti, tan samar pamoring tunggal, pepesthen sawiji wiji. 19. Mangkana ta Sanga Prabu, wus lega raosing galih, papakem prang Bratayuda, wus karegem neng ngastaji, Jeng Pangran pan nora siwah, lan Sri Kresna Dwarawati. 20. Milanya kawahyon mengku, ing wuri umadeg Aji, ing Ngayugya Hadiningrat, amengku buwana ski, netesi sabdaning Nata, Jeng Sunan Surakarta di. 21. Wau tan ingkang cinatur, paprangan minta bedhami, Jeng Pangran jumeneng Nata, nulya amurwani puri, suyasaning dhatulaya, tumancep Grejitawati. 22. Gununging dhawahing wahyu, terusing paningal Aji, wikan jangkaning Karatyan, terah tumerah lestari,

adeging Karaton Nata, tinegran sandining tulis. 23. Jinejer neng tratag

2

Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"