kepenthung, akeh wong sasar lan samar ora precaya mring ukum kodrat. 41. Anratu Iro ngrerepe, nagarane dadi siji, dipilih endi sing utama andil. 42, Lanang kumpul lanang, wadon kumpul wadon rebat ijir luru sandang pangan. 43, Katon donya padha muspra, furu mulya tambel jiwa. 44. Wong kaya gabah den-interi, agama ora kacarita, tata krama dadi ubra, kabeh pada ngawula hardaning hawa napsu. 45, Wong butuh ketutuh medhar ilmu gethok tular, kang adhem ayem, kapanas kabrangas, kang kemlungkung, wanter kesander, kang cilik diitik-itik, gedhe di -ece, adol gawe lumuh dhewe, kasedhih perih, kang numpuk dijupuk, kang rekasa kasrakat, luru batuh angluh, kang sregep karungkep, kang nyorok katabok, kang mung kapacul, kang edan dadi badan, kang ngece kerante, kang ngangsasa kapeksa, kang pasrah kacegah, kang kumaki kaciri, kang kumet met. 46, Ratu nakoda ngambali jurit mekso sirna gempur. 47, Nu Allah nitahake ratu adil.
Bilih sampun wonten tandha-tandha ingkang en sampun celak, wonten tengara kados ngandhap punika.:
1. Besuk ing jaman ahir, sawise jaman hadi, ratu Adil Iman Mahdi, saka tanah Arab meh rawuh, tengarane tanduran suda pametune para pandhita kurang sabare, ratu kurang adile, wong wadon ilang wirange; akeh wong padu lan pada goroh, akeh wong cilik dadi priyayi, wong Ingelmu kurang lakune lan nganeh anehi. Dene yen rawuhe ratu Adil wis cedhak banget, ana tengarane maneh: 1. yen sasi sura ana tundhan dhemit. 2, Srengenge salah mangsa mletheke. 3, Rembulan, ireng rupane. 4, Banyu abang rupane. Tengara iki-iki lawase 3 dina, yen wis ana tengara mangkono, kabeh wong bakal ditakoni, sing ora bisa mangsuli, bakal dadi pakane dhemit, sebab ratu Adil mau rawuhe anggawa bala jim, setan lan seluman pirang pirang tanpa wilangan.
2. Pitakone lan wangsulane mangkene: asalmu saka ngendi" = saking kodratollah, yen bali apa sangumu = sahadat iman tokid
makripat Islam, apa kowe weruh aranku = Gusti ratu Adil Idayatollah,
54
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"