Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Qoraisyn Adammakna (Serat Jangka Jayabaya).pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Allah. Mulane banjur ana pageblug gedhe, saka apese wong kang murang sarak, wong lara esuk, sore mati, lara sore, esuk mati, wong kasandhung banjur mati, cinakot tikus mati, dicakot semut mati, wahing gebres-gebres mati, gumuyu kepingkel-pingkel kekelen banjur mati, wong macul ing tegal krasa pegel boyoke, banjur ngulet uga kebanjur mati, temanten anyar lanang wadon lagi padha pepasihan kang lanang nuli mati.

Lah ing mangsa iku, wong jail bakal kethail, drengki srei ngemasi, wong duwe budi salah bakal seleh, nakal bakal ketriwal, wong bedhang dibuwang, wong cidra kentas dening jemparinging tekad suci, temah bilahi kang kasabet pedheng sirolah, mesthi sirna tanpa lari, kang rawe-rawe rantas, malang-malang putung, nuli ing ngendi panggonana ana tontonan kang aneka warna, yaiku panjelmane jatine lelanat, sapa kang andeleng, bakal kapendhem, sapa kang kepencut bakal katulu dening lelembut, sing sapa seneng pamburine nemu peteng.

Tumuli ana banjir getih, sarah mayit, lumut brengos, ganggeng rambut. Ing nalika iku kulup, diawas dieling marang gustimu kang anyar katon, dimantep mangadhepira marang sang ratu adil panetep panata gama kalipatullah, awit lestari slamet, iya mung kawulane tatu mau, yaiku para wong dhomas, tegese para wong kang ambodo kaya emas.

Lah marga ing lelakon mau atas karsaning Pangeran, kang kena ginawe tulak mung wong kang padha ngibadah marang Allah, dene tumbale getih pitik putih lanang wadon jagoan, pambelehe ana sapucuking tumpeng, lan kebo bule kang diarak menyang alun-alun, pujine tan kena kendhat, dongane turunsih, mangkono kulup, patrap pangabdine wong dhomas, anggone nganti-anti rawuhe gustine sang ratu adil panetep panata gama.'

Ora antara lawas tumuli rawuh sarta jumeneng angratoni jagad rating kono sawah sajung pajege mung sadinar denen panggaweyan negara bakal padha ora anan; awit wong akeh kaperdi sembahyang

marang Gusti Allah bae, sarta memuji saben dina tanpa kendhat.

Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"

51