Nuli ana janget ingatelon, nalika iku, Jawa kari separo, walanda kari loro, sadulur ilang kangene, wong lanang ninggal lanange wong wadon ilang wirange, saenggon-enggon akeh ratu aapung gawane pating belasak, wong nonoman akeh kang dadi mantri Bupati lan punggawane. Sajabane tanah Jawi ana perang gedhe, sanggon enggon ano pailan, pageblug, rupa-rupa sangsarane, bebaya wama-warna, wong-wong padha mangan watu, mangan wedhi, omben-omben peresan blontong, wong wadon akeg kang kulo endhonge dhewe, marga saka rusuhe, wong lanang wadon akeh kang kataman lelara bubrah paribasane jaman edan, yen ora ngedan samar yen ora keduman, mangkono wong kang ora duwe iman nanging piweling ingsun, diawas dieling, jejegna imanira, turuten gustinira ratu adil panetep panata gama. Golekana gegamane sing nganti ketemu, turuten dalane, ngetutburia saparane, lumebuawa oparibasaning wadya balene, ora suwe bakal katon tandha tandhane rawuhing. ratunira ngagem kamulyan gedhe, rawuhe liar kilat kairingake bala malaekat mayuta yuta cacahe, ngadeg payunge kuning, tegese bang bang wetan karepe, wus ndungkap paletheking pepadhang. Umbul-umbule alaras bandera pare anon, yaiku tandhane pangeran pati, denen titihane jaran napas; cumathine penjalin tinggal, jemparinge tekad suci kang mingis-mingis pusuke, mubyar-mubyar pamore, kakedher kendhenge, membat-membat gandhewane, lang ilang nalika iku kulup, kocapa ing kono banjur ana perang kang luwih gedhe, marga saka gedhene, gandarwa, thethekan, ilu-ilu, banaspati, sakehing eblis, jajalanat kabeh, padha buyar sar-saran padha ngungsi, saenggon-enggon mamangan wong padha ora sumurup marang ratu adil panetep panata gama.
Dalasan para lelembut ing tanah Jawa Kayata: wadyabalane Sunan lawu, Kangjeng Lara Kidul, para setan bekasakan ing alas Roban iku Satemene pinangkane saka Mekah, abeh mau bakal katiban gagaman landheping pedhang sirolah temah padha asasaran. So lahe pating bilalung kaya gabah den interi, prelu padha gungsi, lan
padha lumebu ing wong kang ora pisan-pisan manembah marang
50
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"