Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Qoraisyn Adammakna (Serat Jangka Jayabaya).pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
WASITAWARA

Punika Wasitawara, kenginga kangge pipiridaning para kusumaning bangsa anggenipun angrungkebi tanah wutah rahipun. Sadumuk bathuk, Sanyari bumi, punika kahormatan tuwin kasugihaning bangsa, wajib linabetan wok banda wala pati, ataker marus dumugi pambaludaging ludira ingkang pungkasan, bilih wonten ingkang angganggu damel. Jer pakorbanan panumbasing kautamanlan kaluhuran.

KINANTI

1. Purwenjang rinaras kidung, lam laming kang bawana ari, manoni jagad mur wendah, masung' sengJeming pangeksi, kukuwung teja kuwangwang, risedheng wimbaning rawi. 2. Bang mramugari, sasmiteng Ryang Dewangkara, duk arsa mradipteng bumi, manglong luhuring ngacala, maweh sengseming dumadi. 3. Jagad kebekan raras rum, lalangen sru milangoni, mradapeng tara tumeja, puspita mbabar ganda mrik, minging sumengkeng ngakasa, nanduk pangowan weh resmi. 4. · Ngawiyat kaniran tedhuh, kang ima ima manipis, sinerang maruta kentar, satata merang man1ngit, lircipta Sang Muni wara, suci nirmala mawening. 5. Yata sasmitengjagad wus, katonton nugraheng Widhi, maka dutaning ngasuka, tumuruning wahyu jati, mring Kangjeng Pangeran Harya, Mangkubumi Sokawati. 6. Kang lagya nandhang malatkung, wit cidraning · Sanga Patih, Adipati Pringgalaya, Jeng Pangran miwal sing nagri, Surakarta Hadiningrat, arsa lumawan sing nagri, Surakarta Hadiningrat, arsa lumawan ing jurit. 7. Netepi Satriyanipun, duk arsa jangkar sing nagri Jeng Pangeran umanjing pura, atur uning Sang Ngaji, nyuwun lilah Dalem Nata, Sang Nata amangestoni. 8. Lepasing ponang pandulu, Jeng Pangeran Mangkubumi, tan samarwaspadeng tingal, kawangwang

trusing kajatir, karsaning Suksma Kaweka, kawahyon jumeneng Aji.

Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"

1