padhang, karep bener, panggawe pinter Payungen raja kalacakra, mange.tine: tansah nyingkirasna saliring panggawe kang ora bener, kang padha nerak papacaking agama.
Kajaba kasebut ing ndhuwur, cekake uga kanggo pasemon pakertining pikir, ati lan birai. Lan uga kasebut tri guna; sadwa, rajas lan temas. Kang uga dijujuluki aran Dewi Swata, Hyang Amoga lan Hyang Kamajaya. (Terange kasebut ing Mahabrata bab 218). . Lah mangkono iku wedharing surasane ratu tetelu kasebut : 1. Herucakra Katanqgakapethik Pundhaksinumpet, 2. Herucakra katanggakacepit Pundhaksategal, 3 Herucakra Hasmarakingkin semune andamarwulan Kadhir, kang umur umurane racak 33 taun lawase).
Anggone kasebutake racak umur 33 taun, karepe mung amratelakake yen jaman 33 taun 1ku tibaning umur 4 windu, kasebut tumbuk sapisan. Tumrape maanungsa tumekane tumbuk sapisan, miturut kodrat pamekaring urip kita, mahanai salin sumaline rasa rumangsaning pakerti kang kaping pat,owah gingsire wataking pakarti saben ing 8 taun sapisan aran sawindu. (satetes)
Tembung kang muni: Jaman 33 taun ing sakaratone kaperang dadi 3 jaman cilik lawase racak 11 taun. Petungan 11 taun iku kanggo ngarani tibaning windu kang mesthien mung saben 8 taun sapisan, kaya kasebut ing ndhuwur. Dadi tumbuk sapisan kang kasebut 33 taun (32), urip kita ngalami salin sumaline kakarepaning panggawe ambal kaping pat. Dadi mesthine jaman 33 taun, iku kaperang dadi 4 jamn cilik. Bab iki ora diterangake dawa, mung karepe bae, ngarani ing saben ngancik ing windu anyar, saben 8 taun sapisan nemahi owah sumalining pakarti, marga saka sdiwasanig urip lan diwasaning indriyane. Dhek jaman biyen, yen mbeneri tumbuk sapisan utawa tumbuk ping pindho, yaiku umur 33 lan 66 taun kurang sathithik, nganggo pahargyan gedhen, lan lumrahe tanggapane wayang purwa.
Pungkasaning pamedhar (12). Tembung tebu sauyun, ana wedhon saka lor kulon, akemul mori putih, ateken tebu wulung.
Tegese tebu sauyun=pring asdhapur = nunggal dhapur = nunggal
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"
45