Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Qoraisyn Adammakna (Serat Jangka Jayabaya).pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

3. Panggondo, kudu engambu ambu kang sarwa arum.iuwih luwih gandaning burat wangi kang binlonyoh ing sariraning Hyang Wulan.

4. Lidhah, kudu angrasakake dhadhaharan lan unjuk unjukan kang sarwa mirasa, luwih-uwih dadhaaharan martegwulung (rara ireng) kang ingosok latuning sasaji, beluk urubing hvang Agni, kermelun sinerot rumasuk ing sa ira. Tinungka. panyrupting teh tepak; ing cangkir cubung kang cinencem ing toko bingsing.

5. Grayang, kudu ngrasakake kang sarwa kepenak, luwih-luwih rasa tumandanging ngadilaga, nembadani bebendu krodhaning Hyang Hasmara, rina engi panea saka pametu tapak astane dhewe. Ing dhuwur wus kasebut bayare 500 real setaun, marigka banjur dicaritakake, dhahare mung metu saka tapak astane dhewe, bab iki kanggo pambalinger. Dene karepe ngarani panggawe kang msung anggungu karepe dhewe, nora pisan gelem mangan ujar neciha wuruk ing liyan kang murih slamet.

Adus kringet ing sedina dina tanpa kendhat, karepe; tansah njurungi pepenginane hawa napsu limang prakarą kaya kasebut ing Indhuwur. Sarehne pepenginane hawa napsu iku tetela tan ana pamareme, mula wis samesthine yen ta anumibuk bentus adus kringet sadina dina, asesambat sarwi daleweran eluhe. Cekake ngarani saliring panggawe kang nuruti hawa napsune, wis teritu bilai kang tinemu.

Dene simane panggawe kang mangkono iku, yen kapasrahake Sang Abiyasa, iya Sang Kresna Dwipa Yana. Tegese Kresna = Wisnu papadhang Dwipa = pulo = utek, Yana = pangemotan. Mangertine utek utawa pakerti kang ngemot papadhang, iya papadhanging kaengetan. (dadi sadhengah wong kang pamikire angemot papadhang, lya kena sinebut Sang Kresna Dwipa Yana, Wisnu utawa Prabu Jayabaya Kedhiri). Ing kon yen pancen mantap panyantrike marang Sang Abiyasa, banjur pinaringan sasanti kang unine: hangga tri hangga payungana raja kalacakra, ngger putuku wong bagus. Tegese hangga tri Hangga = baden tetelu, yaiku pangerti, karep lan

panggawe. Tunrap saliring golongan I;aya jangat kinatelon, lire: pikir

44

Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"