Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Qoraisyn Adammakna (Serat Jangka Jayabaya).pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ana paningaling pangerti. Tembung pundhaksinumpet, papadhane kaya tembung waringing kang oyode ana ing ndhuwur, yaiku manungss. Ing kene kapethikake tembang Durma 3 pada, kang Surasane nunggal misah lan tembung pudhaksinumpet, kang padhadene jinejer dadi pralampitaning manungsa, yaiku mangkene:

1. Wringin sungsang wayahira tumaruna, lahiripun ginaib, pancere satunggal, tambinira sakawan, pupunya namung satunggil, epang sakawan, uwoh retna di luwih. 2. Kulitira waringin kancana mulya," daginge kumala di, otote sosotya, bablungya kalpika, sungsume mutyara luwih, uripe ika, apan awujud peksi, 3. Poma poma kaki padha kawruhana, pangecere kang waringin, apa aranira,miwah tambine pisan heh kaki dipun nastiti, yen tan weruha, ing pati manggih bisi.

Tembang durma 3 pada, mesti piwulang bab sangkan paraning dumadi, apadene katrangan kdhanane jamen papat kaya kasebut ing ndhuwur.

Apadene anane pudhak kang arep megar, iku wujud lan rupane saemper bae lan kunarpa kang wus dibusanani (diules, dipoocng). Mulane banjur kanggo pasemoning layon, kapirit saka rupa lan. warnane anggone angemperi. Dene mungguh karape kang wigati, kanggo tepa palupi moring para ulah kasucianing batin kang tansah mindeng pangidhepe marang Pangeran. Marga wus hanyatan kanggo panitikanting para kang tinarimah pamuruda ing kasidah jati. Ing kono tinemu layone amawa ganda marbuk arum angambar kayadene gandaning pudhak, apadene sasawangane wedana sumunar amawa cahya.

Wus kasebut ing ndhuwur, yen pudhak iku kembanging pandhanri, nanging banjur katelah pudhak iku araning kembang. Uga kasebut ing janturaning nagara Indraprastha, ing kon panggonaning sekar pudhak. Bab iku uga dadi sasandining basa pasemon, ing kene ora kadharake. Nanging mung arep medharake tembung pudhak prelu kanggo nambahi katrangan anane tembung kapethak utawa pethik. Dene

maksude ngarani rupa putih kang prenahe ana ing luhur katutupan

40

Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"