sanajan mung sawiji sawi, sinartan ora lali kandelkumandele marang Pangeran.
Terus pamedhare layang iki, ing kene milihi tembung tembung kang isih peteng surasane, murih terange, tembung tembung kang arep kawedharake, karingkes kaya ing ngisor iki :
Jaman 100 taun kabage jumenenge racak 33 taun, yaiku:
- Herucakra aran satriya kasampar kasandhung, akeh wong padha. katambuhan, asli saka Katanggakapethak, akadhaton ing Pundhaksinumpet,(9).
- Herucakra Katanggakacepit, muncul saka alas K anggakacepit, akadhaton ing Pundhaksategal (10).
- Herucakra Hasmarakingkin semua andamarwulan, akadhaton ing
Kedhiri, bayare 500 real ing setaun,dhahare mung saka pametu tapak astane dhewe,adus kringet ing sadina dina tanpa kendhat (11).
(9). Terusing panjarwa. Tembung Herucakra Katanggakapetak, ngadhaton ing Pudḥaksinumpet, satriya kasampar, kasandhung, akeh wong katambuhan. Tegese Heru = musthika = manahira = manik = mani = rasa, cak-angga = ka-awak = kabadan = kasarira = ing sarira, kapethak utawa pethik, ngarani kang rupane putih, yaiku utek, telenging pamikir J Banjur disambung tembung Pundhaksinumpet, iku mung perlu kanggo muwuhi katrangan bisane luwih gampang pangerti, mangkene pratelane:
Pudhak iku kembang pandhanri, pinilala banget dening paraluhur ´ing ngayugyakarta, kagem ukup nyamping, marga gandane marbuk arum angambar amimbuhi aruming ganda ukuping ratus lan kasturi. Wit pandhanri, ana kang sapucang gedhene, dhuwure watara karotengah dedeg, oyode ana ing ndhuwur, yen dijebol dielih panggonane, gampang bae lan ora kontrak. Mulane kabasakake pundhaksinumpet utawa sinudgsang, mangretine ngarani yen lumrahe wit witan, iku oyode ana ngisor tumancep ing lemah. Nanging oyode wit pandhanri tumancep ana ing awang awang, kayadene oyode
manungsa. Mung bae oyoding manungsa ora kasatmata, katone mung
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"
39