(8). Bab ananing lintang kukmukus kang uga diarani komset, perlu katerangke sawetra, yaiku mangkene: Lintang Kumukus iku akeh, kang gedhe dhewe kacarita raduse bae aba 12 yuta Km, dadi mideline ana 24 yuta Km. Yaiku kang minangka kandeling lintang kumukus kang ketempuh ing bumi kita. Dawane buntut (kukus) ana 150 yutaku. Dadi lagi buntutebae wis padha karo adohing srengenge saka ing bumi kene.
Lintang kumukus iku wujud lan ka anane beda lan lintang liya liyane. Sabab lintang kumukus iku mung awujud cahya kang luwih kandel.
Layang Jangka Jayabaya iku nerangke, yen lintang kumukus mau ing sajaman utwa 100 taun sapisan katon maneh. Yen saka pangetungku rada gasehsathithik,dene saka pangiraku, katone sapisan lintang kumukus, saben antarane 76 taun nganti 90 taun lawase lagi katon maneh.
Ing mangka kacarita ing taun 1861, ana lintang kumukus katon ing langit kene. Kahanan mangkono iku sanyatane kapinujon bumi kita kabener nrajang tengah tengahing lintang kumukus. Ing waktu iku ing ngawang awang katon gumebyar padhang jingglang jingglang, salumahing bumi kita linimputan ing cahya pepadhang anelahi.
Dadi yen miturut petungan iki, akir akire taun 1951 = (1861 + 90), bumi kita wus mangsane nrajang lintang kumukus maneh kaya dhek taun 1861 kang kapungkur. Yen kelakon mangkono, kita bakal ngalami manjing ing sajroning cahya gumilang kang luwih padhang. Iya papadhanging budi pakerfii kita bangsa Indonesia, ing bab saliring kawruh apa bae. Ing saiki taun 1546, dadi lawas lawase limang taun maneh, kita bangsa Indonesia wus andedegi ing jagading kaluhuran, kawiryan, kawaskithan lan sapanunggalane, iya harja kertane tanah Nusantara kang tanpa tandhing. Mula padha dienteni kalayan sabar, suci lan berkobarkobar, manunggal bebarengan ambrastha pragmuka kang anekani, sinartan anyapu kalesaning dhiri pribadi, sarta
kinumbaha ing tirta amreta, temah suci resik tan kalepetan piala,
38
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"