(6). Tembung jaman kang tinemune sajroning 2100 taun candra manut petungan lakning rembulan. Karepe saben saben urip kita manitis (manjalma) kang pungkasan, iku sarana kapitulungan ing wanita Tembung candra, ngarani Sang Hyang Candra n Candrama = Hyang Suma = Hyang Hasmara = Hayng Kamajaya Ratih = Hyang Sitaresmi, jarwane rembulan. Dene rembulan kanggo pasemone wanita. Mulane kaendahane rembulan banjur kanggo pacandran kasulistyaning wanita, mangkono uga sabalike, kyata: sumunaring wadana lir basanta purnama rrisedheng purnama rrisedheng ing ndhadhari, lan sapanunggalane.
Sababe mangkono anane rembulan iku ndarbeni daya memungu birailan sengsseming karsa amangun ulah hasmaraturida, luwih luwih yen panuju sami amajang wulan, Hyang Sitaresmi mamerake kaendahaning warni kang mancorong amoblakmoblak risedheng purṇamasidhi; panuksmaning cahya kang tumaduk ing wadañaning wanita, say animbuhi mumungu grejitaning karsa, ingkang yaiku mulane rembulan kabasakake Sitaresmi lan sapanunggalane, kaya kasebut ing ndhuwur.
Kajaba iku, uga kacaritakake yen ing rembulan ana widadarine mangku kucing, widadari ngantih, utawa ing rembulan ana waringini sungsang Yen layang kawi weton Pubacarakan! ing rembulan ana widadarine mangku truwelu, luwih gampang andharan Purbacarakan. Dene terange mangkene ing Candrasangkala watak siji, ana tembung kang muni sasadhhara, tegese sas utawa sasin = truwelu, dhara = rembulan = ngemot, jarwane rembulan ngemot truwetu. Surasane ing guwagarbane wanita ana babayine, kapirit saka rembulan dadi pasemoning wanita, truwelu dadi pralampita wijining urip. Mulane mangkono sabab babayi rikala dumunung ing embing embing, patrapa anggotane anjingkrung kaya pandkhkeme trruwelu kang salawasse ora bisa ngadeg, yen lumaku bisane mung mancolot.
Apadene tumuruning wiji kita saranduning sarira tumameng sajroning guwa garba, sanyata. kaya mancolot, saemper lumepasing
jemparing saka gandhewa. Apadene patraping bebayi nalika metu
Kitah Primbon "Quraisyn Adammakna"
35