Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Qoraisyn Adammakna (Serat Jangka Jayabaya).pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

(1) Tembung rong ewu satus taun loro ewu eka atus taudn, tegese rong = guwa = guwa garba, loro, adu = adugathuk = awor, ewu = wit, eka = siji = wiji = mrahsa = urip, satus = thukul = sahetus = tus = peres = metu = titis tumitis tumitah, taun = mangsa = wektu.

(2). Tembung : 3 jaman = 3 juga, yaiku ngarani Tirtayuga, Dwaparayuga lan Kaliyuga, kasebut triwikrama, utawi Sanghyang wisnu jumangkah kaping 3, (kasebut layang Kawwi Purbacarakan) ateges manjalmaning Sang Hyang Wisnu telung ambalan, kawiwitan saka kamulaning urip ing jaman Kretayuga. Tegese kreta slamet, mangretine slamet, ora ana apa apa, ora krasa lan orà darbe cipta apa apa,anane mung jenjem jinem kalawan pribadine. Rasa mangkono wwis dialami ing manungsa kabeh.

(3). Tembung pitung atus taun = tuju atus taun, tuju = arah = sedya, iya thukul sedyane arep manitis.

(4). Jaman sunyaruri, tegese jaman suwung utawa slamet, yaiku kang kasebut Kretayuga. Saka ing kono manitis kang kapisan ing Tirtayuga, kapindho ing Dwaparayuga, katelune yaiku manitistkang pungkasan ana ing Kaliyuga, ing ndhuwur uga wus katerangake: Dene mangertine Kretayuga, yaiku duk uripingsun iji abadan cahya kang succi ana ing alam luhur. Tirtayuga, urip kita wis manuksma awor lan rahsaning bapa. Dwaparayuga, urip kita saka rahsaning bapa, manitis ing guwa garbaning rena. Kaliyuga, urip kita saka saka guwa ga baning biyung, manitis kang pungkasan, metu lahir ing ngalam dunya wujud manungsa iku, kawiwitan saka rupa babayi, rinasukan indriya, yaiku purwaning bebendu, marga saya diwasa, saya ngangsa angsa kekarepane.

(5). Tembung kadhaton tanah jawa, tegese kadhaton = dhatu = dhara =rah rahsa = urip tanah Jawa = tanah jaba = ing jaba, yaiku nagarane urip kita metu lahir ana ing jaba = ing jawi = ing dunya, dadi wong kang maujud katon iki. Nalika urip kita isih manggon ing alam luhur, utawa ana ing sajroning guwa garba, urip kita durung

kasatmata, kajaba mung katon sarana paningaling pangerti bae.

34

Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"