piyambak tuwin tansah amengku kasusilan. Sinartan tumenga bapa akasa, sumungkem ibu pretiwi, saestu mahanani setubanda buta ingkang tan kenging rinabaseng mengsah.
Sasamining tumitah, satru sekti saking pundi kemawon, sanadyan saking atasangin pisan, ingkang sumedya anglawan angluhuri, langkung. langkung nedya anjajah amarentah, temtu boten badhe kalempahan, Salagi saweg anjangkahaken sepatunipun, agengipun purun papandenagan, sampun tentu badanipun sirna geseng dados awu. Kakantunanipun ingkang dereng kalajeng sima, arebut dhucung asalang tunjang sami kering kantuk. dhateng dhangkanipun sowang-sowang. Wasana kita amandhiri angatela ing jagading kaluhuran, asarira jawata, hamengkoni buwana tetep ing salami salaminipun, tansah kineringan
ing liyan praja. MARDIKA.
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna”
29