ing salami-laminipun.
Ing samangke badhe medharaken pagedhonganing serat Jangka Jayabaya Menggah ingkang minangka kunci pambikaking suraosipun serat Jangka Jayabaya, punika dumunung ing namaning serat, ingkang nama wau kapendhataken ngangge namaning pangarangipun serat wau, ingkang sarana dipun wewai tembung : jangka, ing sanagjengipun nama.
Ing nginggil sampun katerangaken, bilih serat wau karangipun Prabu Jayabaya ing Kedhiri, inggih sajatining Wisnu mangejawantah ingkang pungkasan. Mila serat wau lajeng nama Jangka Jayabaya. Para maos, inggih saking namaning serat wau punika, ingkang asung pitedah wedharing suraosipun serat Jangka Jayabaya. Ingkang wosing siraosipun menunggil misah kemawon kaliyan suraosing serat Nitisastra, kados ingkang sampun kawedharaken ing nginggil.
Mangsuli badhe medharaken suraos pikajenging serat Jangka Jayabaya, inggih punika ingkang ingumpetaken dumunung wonten tetembungan ingkang ungelipun makaten: Serat Jangka Jayabaya anggitanipun Prabu Jayabaya ing Kedhiri. Dene wedharanipun makaten: Tegesipun Mangka = jangka = jumangkah = sedya = tumedhak = tumitis tumitah = manjanma = manjálma mangejawantah, inggih mangejawantahning gesang kita (Wisnu). Tegesipun jayabaya = unggul ing pakewuh = tanpa sambadan = anyarira = angrasuk badan jasmani. Bilih sampun abadan jasmani ateges gesang kita sampun tumitah utawi manjalma ingkang pungkasan, inggih wonten ing donya, jumeneng isankamil tanpa sambekala = unggul ing babaya = jayabaya, mengku kajeng wilujeng saged dados wong (babayi). Yen boten jumeneng Prabu Jayabaya, tentu kandheg ing margi, ateges panitisipun boten dumugi ing, panggenan ingkang pungkasan; inggih ing donya punika. Kadosta llajeng terag utawi saking sabab kenging sambekala sanesipun malih, yen makaten lajeng wurung wong (wurung dadi wong).
Kajawi punika ugi taksih mengku suraos malih makate: Tembung
Jangka Jayabaya anggitanipun Prabu Jayabaya ing Kedhiri, tegesipun
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"
25