3. Bumi tansah genjing, jagad tansah dahuru, ratu kikirangan arta, tansah pinisungsungan ing tiyang sugih, sagung ingkang ulah pandamelan sami nurut Ingepahan, saganten mili dhateng lepen.
4. Tiyang bebet asor wangsul dados tiyang-luhur, kamurkanipun tiyang saya anglangkungi, sang ratu kalumuhan dhateng pandhita, boten wonten ingkang nglampahi panembah.
5. Kaliyan wedaling kaluhuran saking dipun saranani arta, karanten sang ratu kawasesadhateng tiyang sugih, tiyang salah dados awet kangge ing ndamel, tiyang leres dados l;atiwartiwar, awit saking malarat.
6. Tiyang murka sangsaya andadra, dados angsal panggesangan, tiyang sabar wekasan dados kirang paramarta, tiyang dursila durjana sami adamel cilakaning tiyang sepuhipun.
7. Sang Ratu sassat suwita dhateng papatih, sagung liang andum sami amilih pratigkahipun sawenang-wenang, ical barkating bumi sami kasarakat, kadosta ; oyod-oyodan, gegodhongan, woh -wohan, sami tanpa guna.
8. Ingkang saged ingkang kawasa boten angresepi ing jagad, bangsa pandhita satriya wawasi miwah bangsa sudra sami tunggil pandamelan Karanten sajagad sami angaken saged sami ngegungaken dhiri, boten wonten ingkang purun kasoran.
9. Tiyang ulah sastra lawan puja samadi boten wonten ingkang anut ing pamardining pandhita, tanpa damel sagung japa mantra boten wonten ingkang katarima, adil kukum boten anglabeti temah dados durgama. ·
10. Sami rebah kang sekar cempaka angsoka fangsana candhana wungu kananga surastri nagasari, sadaya witipun sirna sami winadungan tinegoran tinutuhan, kaprapalan erining ngepung Sang lawan pilang.
11. Sakathahing peksi merak banyak dhandhang bango sapanunggilanipun sami lebur pinasangan pikat, lajeng sinengkeran, ingkang suka bingah amung sagawon babi sami ingopenan, pinilala tinuwukan erah
kaliyan daging.
22
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"