badan kita sadaya punika sanyata dados kakandhanganing urip kita sejati. Senajan ing sapucuking rema tuwin kanaka pişan, inggih sami sinamadan rahsaning kauripan kita ingkang sejati wau. Kajawi punika, lahir kita ing donya alam donya awujud bebayi, ing ngriku sinarengan rumasuking sad indriya (katelah pancadriya), inggih indriya enem punika tuking sadaya kapiawon, kacandhalan kadoracaran lan sasaminipun, margi saking saya tumangkar ubaling angkaramurka. Mila ing jaman Kalijaga dugi kasebut marcapada [(marcupada) = mrecapada mrecupada], ateges panggenan bebentering badan tuwin manah. Kapirit saking tegesing tembung marca = brama = benter, pada enggen.
Punapa dene kasebut naraka boma, suraosipun amastani bilih ing donya punika panggenaning godha rencana, pancaroba, pancabaya, jaman akir, jaman sengara, ingkang ugi kasebut jaman kalabendu. Ing ngriki kula cuplikaken engeling serat Jangka Jayabaya ing tembang gambuh namung 2 pada, makaten:
I. Den samya amituhu, ing sajroning jaman kalabendu, yogya sami nyuda hardaning kapti, kang nununtun mring pakewuh, uwohe panggawe awon.
II. Ngajapa tyas rahayu, ngayemana sasameng ewuh, wahanane ngendhak angkara kalindhih, hakken pakarti dudu, dinuwa luwar tibeng doh.
Ing samangke ngandharaken lelampahan ingkang pinanggih ing. Jaman Kaliyuga miturut serat Nitisastra, inggih punika makaten:
1. Manawi dumugi ing jaman Kaliyuga, boten wonten ingkang pinanggih ing nglangkungi tiyang sugih, boten kocap tiyang ingkang guna, ingkang prawira, utawi pandhita putus, sadaya samimarak anembah dhateng tiyang sugih.
2. Ing jaman ngriku bangsaning pandhita sirna, lawan bangsaning sami malarat kawelas asih, anak sami purun ngawon-awon dhateng bapakipun tansah dipun pitnah, para pandhita sami anglampahaken dados nangkeda.
21
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"
21