Tembung sekawan, sampun jarwa, tegesipun ing ngriki boten ateges mangsa. Nanging pikajengipun amastani janman = uwong = manungsa, janman jalma = manjanma manjelma mangejawantah = tumitis = tumitah dados = titah. Dene ingkang dados titah inggih Sang Wisnu, sarana jumangkah (tumitis) kaping tiga, inggih panitis ingkang pungkasan, dumugi wonten ing martapada (donya) punika. (Tlesihing warwa kasebut ing serat Caturyuga). Mila kasebutaken titising Wisnu, utawi panjalmaning Wisnu ingkang pungkasan, jalaran mboten saged nglajengaken tumitisipun malih, margi sampun pantog, (kandeg) dumugi pada, nggih kandheg ing marcapada punika, ateges sampun katelasan panggenan. Kajawi dening sasirnanipun saking marcapada, ing saged anglajengaken panitisipun malih. Nanging manitis dhateng kuda (aswa) rumiyin. Mangertosipun pulih wangsul ing ajal kamulanipun (inna lillahi wa inna illaihi rijingun).
Salajengipun Sang Hyang Wisnu ambangun manjalma malih wonten ing Janggala, (katelah Janggala), paparab Panji Asmarabangun tamba- ngun asmara) Tegesipun jong = baita, kangge pasemoning badan (sarira), gala = isi, amastani isining badan, inggih punika rahra, inggih saiatining gesang kita (wisnu). Tembung Hasmarabangun = ambangun hasmara, punika sampun dados tembung jarwa, suraosipun kula sumanggakaken para maos.
Menggah wontenipun Sang Hyang Wisnu, punika dados pasemon adeging rahsa kita, inggih kamulaning gesang. Dados pikajengipun Sang Hyang Wisnu triwikrama (jumangkah kaping tiga), punika amastani kamulaning gesang kita ingkang taksih abadan cahya wonten alam luhur, badhe manjalma dhateng marcapada. Kaleksananipun marginipun boten wonten sanesipun malih kejawi kedah anglangkungi sarta manggen ing jaman tetiga, kapetang wiwit saking kamulaning alam luhur kasucian. Dene satunggal tunggaling jaman kados kasebut ing ngandhap punika. Jaman ingkang kapisan, dipun wastani Kretayuga, inggih ingkang
kawastanan dhasaring bumi. Pikajengipun amastani duk kauripan kita
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna”
19