Sinom. -@ Sujalma no mruhi Allah, Maha murah asih, dipun gambuh woring jaman, jamane sahir lan tabir, ya nganti mitambuhi, budinen sajroning kalbu, mikani sadining Hyang, jatine mung awas eling, ngarah arah sumarah karsa Hyang Suksma. -@ Yugyane kang linampahan, gya rinilan mring Hyang Widhi, karta harjaning sarira, tataning trapsileng krami, adiningrat mengkoni, dina den santoseng laku, ning tyas mleng sajuga, ngrat sajagadnya pribadi, mardikengrat tetep langgeng salaminya. -@ Dinulu sing jinem raras, lawuryan ing sunyaruri, telenging tirta amreta, tetepe ati suci wening, marma kwasa ngicipi, dipaning kang tirta ma rum, kagungane Hyang Esa, langgeng weh rahseng Hyang Oti, geng weh mulya sucining jiwangga. -@ Kinanthi -@ Suci kanthining Hyang Agung, pambuka Grejitawati, pethaning prana gumawang, kawangwang jroning kajatin, tan samar rahsaning tunggal, maworing rasa ginaib. -@ Puniku nugraha agung, wruh rahsang Hyang Oti, tan kenging yen winedharna, wit sastra tan. nana muni, liyane kang sastra cetha, lire cetha wus anunggil. -@ Nunggil rahseng Hyang Mulku, kang sipat Rabul ngalamin, kang mengkono sabuwana, alam sahir alam kabir, titinen kang lwih tetela, purbaning slira pribadi. -@ Megatruh -@ Amegat roh angereh kang hawa napsu, wong weni lara prihatin, ngalahi saliring wuwus, weh marta ngenaki ati, ngungkurken sagung pakewoh. -@Kang laku dur iku panurunging laku, singkirena kang atebih, ngencengi tekad rahayu, iku margane sayekti, bisane wanuh Hyang Manon. -@Sanghyang Esa tanpa rupa tan kadulu, cinakrabawa tan keni, amarba saliring wujud, pangerti amitambuhi, nging wong bijaksana weroh. - @ Ameruhi tajalinira Hyang Agung, pasenedening wawadi, mangalad binalatum, tyang Arab denya mastani, salat daim ugering wong. -@ Lamun Jawa mastani sastra jendrayu, ningrat pangruwating wong bumi, pambrasthaning mamala gung, nir. mala waluya jati, sinapu umanjing ing jro. @Mahya manjing panyapu sucining kalbü, yen ngung kiri
dadi kapir, kapir kopar tan wruh dunung, prandene ya bisa muni, ngrogoh
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"
15