tembung harja endra, harja = raharja, endra = dewa = ratu, yu = rahayu = wilujeng, ningrat = jagad = enggen = sarira = badan. Mengku suraos: musthikaning kauruh ingkang kuwas anartani ing karaharjan, katentreman lan sapanunggilanipun ingkang andamel harja kerta tuwin kawilujengan. Tegesipun pangruwating diyu = anyirnakaken utawi analihaken diyu, diyu = denawa = raksasa = asura = buta, punika dados pasemoning pepeteng, wuta, bodho rereged, penyakit, babaya, angkara murka, durcara, sesaminipun. Tegesipun cetha = nyata, nyatanipun tumindak tumandang anglampahi samadi. Yen sampun linampahan, bilih tinarimah murugaken tentreming manah.
Pikajenging suraos : sinten ingkang tansah lumintu (ajeg) anandangaken ulah yuga, inggih samadi ening manunggaling Gusti kaliyan temen-temen, punika bilih ing suwaunipun tiyang awon, lajeng sirna awonipun, malih dados tiyang ingkang sae bebudenipun. Tiyang sakit,. sirna sakitipun, lajeng dados saras. Tiyang durcara, durjana, angkara murka, daksiya anganiaya lan sasaminipun, lajeng malih dados tiyang temen, bener, narimah welas asih lan sesaminipun. Tiyang bodho, malih dados pinter sanget. Tiyang sae, dados sae sanget, makaten sapiturutipun.
Gampilipun, sawarnining piawon ingkang tuwuh saking kacidraning manahipun piyambak, sedaya sirna lebur dening pangastuti mangulah yuga, inggih samadi ening amesu cipta awurweng pandulu woring kawula gusti.
Makaten ugi kawasa andhatengaken daya prabawa ageng, sawarnining babaya pakewed saking pandameling mengsah ingkang sumedya anjajah ngrayah tuwin anarentah, tentu boten badhe kalempahan. salagi saweg ajeng-ajengan tuwin papandengan kemawon tantu badanipun anglupruk tanpa bayu. Amargi kapanduk lening daya
prabawaning lampah mangulah yuga, inggih; para yugi punika.
14
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"