wontening peperangan. lngkang badhe nampeni pindananing keadilan (asor), sanajan panulakipun nawi guna sarana pepaking bedhama saking sapinten kemawon cacahing bedhil, nariyem, palwahudara sa atumipun pisan, ingkang anjajangkun·g lampah gumaludhug pambaunging raksasa swandana wad'ya, punika boten pisan miyatani panduwaning sapudhendha paukumaning Pangeran. Sebab ka'adilaning paukuman, sanyata amengku saliring daya kakiyatan kodrating jagad. Dados wontening guna sarana wau, pipindhanipun kadidene sarem kacemplungaken ing jaladri, utawi ilining toya narmada ingkang anjog ing samodra. tnggih ateges mawujuding guna saran? luluh asarira ka'adilan, ambalik t anempuh dhateng angganing pun candhala.
Ing samangke badhe ngandharaken pigunanipun lampah yuga utawi samadi klayan cekak, makaten: lampah yuga utawi samadi punika, ing piwulang khakekatipun kaislaman kawastanan tafakur inggih salat daim. Tegesipun : tetep, ajeg, langgeng utawi lumintu, inggih lumintu ajeg enget manembah ing Pangeran, kasebut salat langgeng tan mawi wektu. Wiridanipun nama tarek kheladiyah naksabandi, tegesipun naksa=akeh, bandi = labet. Darbe maksud: akeh banget labete anggone nyulayani hawanapsune kang ora paedah mungguh ing Allah. Suraosipun: amastani dhateng tiyang ingkang tansah madhep ing Allah, sarta boten milik dhateng kabingahan donya. Sandhang tedhanipun namung sacekapipun kemawon (sakeparengipun). Ganjaran lan paukuman boten bineda, manggih kanugrahan inggih seneng, siniksa inggih suka sukur. Ing ngriku simaning panuwunan, sepen ing panganggep Ian pangareparep-arep margi sampun boten anggadhahi pamilih, swarga neraka sampun boten kocap. ·Wontenipun boten wonten malih kejawi namung ayem tentrem manglindhung madhep ing Pangeranipun. (Kitab Bahatusaniyah).
Menggahing pangawikan Jawi, lampah yuga samadi, lajengkajejer dados dados namanipun sabageyaning kawruh winastran sastra jendrayuningrat pangruwating diyu lan ugi kasebut sastra cetha.
Tegesipun sastra = empaning kawruh, jenddra saking panggarbaning