Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Qoraisyn Adammakna (Serat Jangka Jayabaya).pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kacekapana saperlu lan sapantesipun miturut sadrajat pangkatipun piyambak piyambak, yen kalampahan makaten kabetahaning gesang badhe mubra-mubru murakabi sarta waradin datheng sabangsa klayan tirah-tirah angenohi.

Tetep Sri Ramawijaya juru karahayoning jagad, mila boten keguh ginodha dening Sarpakenaka. Sarpakenaka punika danawa estri malih ayu. Tegesipun sarpa = sawaer = wisa = piawon, kanaka = mas = kancana.

Sarpakanaka dipunasibuli Niniblorong, wujud sawer sisik kancana, rainipun warni wanudya saklangkung endah, Punika dados pralambanging pawestri lan jajabrana, kacekak retnestri utawi hestyarta. Rikala Sarpakanaka anggodha satriya Ramawijaya, awit garwanipun piyambak (Sita = gesang), tetep wanidya Sulistya pinunjul ing jagad, mila boten pisan angendahaken panggaganipun Sarpakanaka, pikajengipun: ajining gesang kita sampun ngantos dhumawah ing nistha dama, amargi kabanda dening pusaraning estri lan arta, pikajengipun: yen kita tansah ngeni-eni (nini) dhateng estri lan rajabrana tuwin sandhang tedha, boten pisan ngengeti rowang, agengipun nyidrani ngrebat miliking liyan, inggih sarana lampah punapa kemawon, langkung- langkung bilih ngempakaken sarana panguwaosipun, sampun tamtu badhe kataman ing ganda ingkang banger bacin balarongan (borong) kados boboreh raup paceren. Yen nyata makaten sirna darajating kamanungsanipun, aji godhong aking, margi dereng mangertos tegesipun tembung mardika, apa-apa kena, yen makaten prayoginipun embuh ora weruh.

Menggahing Sri Ramawijaya, ingkang mamayu karahayon kerta merdikaning sabuni, panggodhaning hestyarta wau boten pisan karewes, sabab punika wijining kanisthan, tuking angkara murka, witing kabilaen, mila lajeng kadhendha, mengertodipun kaereh. Pikajengipun suraos: samubarang pandamel punapa kemawon, nglenggahana ing kaleresan lan kasucian, boten murka, meren, rebatan kalenggahan tuwin panguwasa lan sanes-sanesipun. Kabetahaning gesang (hestyarta).

2

Kitab Primbon "Quraisyn Adummakna"

9