Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Qoraisyn Adammakna (Serat Jangka Jayabaya).pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

nesemi, bungahing manah minangka pecut upani, jalaraning ngudi kawroh: 16. Ngawyu-awyu sinambi arawat eluh, yugyane kang den lampahi, jaman ewuh guru butuh, karya nyamektani wajib, tatane rumekseng batos. 17. Aywa nganti kajlungup pakarti dudu, dipun santosa ing budi, ning nging ben anjumbuh, ngrating khak wus den engkoki, kasmaran madhep Hyang Manou.

YUGAWARA

Punika serat Yugawara, rinumpaka ing sekar, pitedah tumindaking lampah yuga, inggih samdi ening amurweng pandulu. Murih. boten kuwadhedhen, pangrumpakanipun salong mawi basa lulungidan. Para mangulah yuga, inggih punika para yugi (Yogi), boten kesamaran malih dhateng sisingadening basa wau.

Tegesipun yuga = janman = janma = anak=wiji=mani= manikem = ratna mutu manikam=wadi=samdi = sa rasa=sawiji=saurip=rasa urip=rasajati rasa a sli tegesipun wara =linangkung.

Menggah pikajenging suraos: anandangan sliring pandamel ingkang tetep, kangge nyanpeti kabetahaning gesang bebrayan. Pepindhanipun kadidene lekasing Hyang Pradanggapati anggenipun tansah nyonaraken sorotipun, minangka pepajaring bawna ing saindengipun, temah Inikekahi sagunging gesang ingkang mawa nyawa, punapadene saliring tetuwuhan lan sane-sanesipun. Lah inggih lelabetaning pandamel makaten punika bokmanawi ingkang kuwasa amot panuksmaning wahyu Cakraningrat. Kados satriya Ranawijaya ing Ngayudya. Ing suwau negari Ayudya kalebet wewengkon jajahan Ngalengka ing pawingkingipun gentos ing Ngayudya ingkang mengkoni nagari Ngalengka. Punika sasampunipun Prabu Dasamuka sawadya balanipun sami lebur wonten ing

samadyaning ranggana.

Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"

7