1. Martane wong mreda wusluwas apikun, tan kalap dandanan nagri, kang lagya manggih pakewuh, reretu ageng ndhatengi, saking jawi saking ing jro. 2. Sembur adan tan liya amung nyunyuwun, mulyane kang Indonesia, pulih kadi duk rumuhun, wahyu Nurbuat angalih, mring nungsa Jawa ngalih nggon. 3. Anjajangkun adege kang nembé rawuh, angayomi bumi-bumi; Hamengku Buwana estu, wus karsanira Hyang Widhi, janma tata trustheng mano. 4. Sasmitaning jagad pan sampun kadulu, masung kamulyaning bumi, usadeng nandhang rasa gung, kang ngemot gunging prihatin, tumuruning wahyu yektos. 5. Mangkana tapamudharaning andaru, dhumawah ing nungsa Jawi, Jawi pan tetep hamengku, buwana sa-Indonesia, Republuk umadeg kukoh. 6: Nora obah tinempuh cidraning mungsuh, tajeming mareiyem mimis, sakwehing badana larut, nadyan mungsuh nambat maring, paraja sing tan wande runtoh. 7. Karsaning Hyang Anginger jantraning laku, kinarya buwana balik bumi langit genjot guntur, wus elik nganti sami, mring candhala ambeg rusoh. 8. Salaminya angkara murka andarung, gegelah ngregedi bumi, si durhaka pama lampu asanget murub tan sipi, jerlisah meh telas kothong. 9. Murub ngeget tan dangu anuli lampus, lampus kanjengnya pribadi, ayo kanca barang magut, anggregut lumawan jurit, tangguh tanggon taker maros. 10. Angebruka ambaya mangap den bareng mara rebut pati, lir peksi ambrubull, saking kiblat pat amrepi, nyengkakaken sirnaning mungsoh. 11. Sarwi pasrah madhep kumandel Hyang Mulku, kang murba wiseseng bumi, suwunan palilahipun, si durcara tupes tapis, mrih jagad manggih Krahayon. 12. Sinauran sabumi swara gumuntur, mangastuteng Dewa luwih, gambira tyasnya sagunung, bedhedheg tanpa watawis, luwaring baya pakewoh. 13. Ing sanuswantara rereming reretu, sinalin suka basuki, sagunging kamuyan penuh, geng alit saeka kapti, guyub rukun mong ingemong. 14. Rarumpakan sasanti winarneng dhuwur, den nesthi ing manah suci, sucining janma acubluk, makatenna trus ing batin, pinenget
telenging batos. 15. Jajal-jajal anawung tumraping ya nadyan dipun
6
Kitab Primbon "Quraisyn Adammakna"