Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
(Januwari 1953), wuku Tambir mau tumiba ing dina Akad Pon, tanggal 18 Bakdamulud 1884 (4 Januwari 1953), tumeka dina Setu Wage' tanggal 24 Bakdamulud 1884 (10 Januwari 1953). (mriksana pananggalan wulan Januari 1953, ing Almenak Maha Dewa kaca 5)

 Para prajurit kang mansah perang, ing sajroning dina lan tanggal kasebut ing ndhuwur, aja pisan pisan wani nrajang utawa nglawan, apadéné nglurugi perang marang mungsuh kang mbeneri manggon ana ing prenah kidul kulon. Sebab ingwuku iku, wektu (mangsa) kang didunungl wuku Tambir, yaiku papan utawa panggonan jaya (unggul), ateges panggonan kala utawa apes tumrap lawané (mungsuhé). Yèn lawane wani nrajang utawa nglawan, gedhené anglurug temtu bilahi, kalah perange: Dene beciké prayoga masanga gelar, kapriyé akale bisane nglawan mungsuh kang panempuhe ora marani prenah kidul kulon, sranane kudu diunduri, utawa golèk dalan liya, bisane nglawan inungsuh kang panempuhé ing prenah kulon utawa saka kidul. Déné yèn ora bisa oleh dalan kang mangkono iku becik disrantèkaké panglawane, yalku ngenteni dina yèn wis salin wuku.

 Ing dina Akad Kliwon tanggal 25 Bakdamulud 1884 (1) Januwari 1953) aran wuku Tambir manèh, marga ganti wuku Madhankungan, padunungané mapan ing prenah wétan, uga 7 dina lawasé. Dadi wuku Madhakungan mau mung tumeka ing dina Setu Legi, tanggal 2 Jumadilawal 1884 (17 Januwari 1953). Wiwit ing dina Akad Kliwon tanggal 25 Bakdamulud 1884 (11 Januwari 1953) tumekane dina Setu Legi tanggal 2 Jumadilawal 1884 (17 Januwari 1953), wis kena nglawan utawa nglurugi mungsuh ing prenah kidul kulon, tinrajang saka wètan saka lor lan saka kidul. Déné kang ampuh banget, yèn panempuhe saka wètan, marga prenah wétan inau, ngungkuraké papan panggonaning wuku kang jaya (unggul), yaiku wuku Madhangkungan, sarta ngadhepaké panggonan kang lagi apes (asor). Déne suwene iya nung 7 dina, yaiku wiwit ing dina Akad Kliwon tanggal 25 Bakdamulud 1884 (11 Januwari 1953) tumekané ing dina Setu Legi tanggal 2 Jurnadilawal 1884 (17 Januwari 1953).

 Dene dinané Akad Paing tanggal 3 Jumadilawal 1884 (18 Januwari 1953) panggonaning wuku, yaiku prenahing kang jaya (unggul) uga wis ngalih manèh. Mangkono sabanjure tansah ngolah ngalih panggonan ing saben 7 dina sapisan, Bab Iku prayoga den kawuningani.

91