-pada, awas ing becik, paréntahé cugetan. Wuyé getih tinubing arum-arun, awor kukusing sanjata, tegesé wong putungan atèn, miwah wong kataragnyana. Sidhekahé tukon pasar sawarnané, juwadah tukon satak sawé, nanging madu kudu dituku dhisik, dongané tulak bilahi.
Kala ana kulon madhep ngétan, 7 aja marani kala. Wuye masangi manuk nganggo pakanan.
23. Manall, Déwa bumi Bathara Gatra, kayuné tigaron, sathithik gawéné, manuké sepahan, becik pangané, amangku tumbak, wataké landhep atine, ngungkuraké banyu, adhem paréntahé. Manail lintang agung awor mungsuh, tegesé wong sujana, bilahiné kena wesi. Shidekahé sega liwet iwaké ayam lan iwak banyu, Jangané kang pepak, lan sambel gepèng dongané ngumur, slawaté dhuwit anyar 10 kèthèng.
Kala ana kidul wétan madhep ngalor ngulon, 7 dina aja marani kala Manail wiji kapapas.
24. Prangbakat, Déwa bumi Bathara Bisma, kayuné titisan, dawa umuré, lumintu sandhang pangané, gedhé angkuhé, manuké urang-urangan, kebat barang gawéne, kobok banyu sikile ngarep, paréntahé adhem ngarep panas mburi. Prangbakat anggarakasih wesi katèn purasani, tegesé kakon atèn, bilahiné mènèk. Sidhekahé sega dangdangan beras sapitrah, iwaké sapi diolah jajatah lan bumbu manis, jangan (gogodhongan) kang pepak digudhang, dongané slamet pina, slawaté kawul.
Kala ana ngisor madhep mandhuwur, 7 dina aja marani kala, aja menek. prangbakat kayu gedhe sempal dening aliwawar.
25. Bala, Déwa bumi Bathara Durga, kayuné cemara, wataké rame pocapane, luhur piyangkuhé, karep panggaweala, manuké ayam alas, pinilala wong agung, gedhongé nèng ngarsa, ngatokaké donyané apengawak Durga tan wedi sapadhané Bala sarwa tiba ing sela mangsa, tegesé sring gawe gora godha, bilahiné kena teluh utawa kena upas. Sidhekahé sega dangdangan beras sapitrah, Iwaké ayam ireng mulus dipanggang, jangan warna pitu, dongané rajukna, slawaté dhuwit suwang.
Kala ana kulon madhep ngidul ngétan, 7 dina aja marani kala. Bala pandhita luwé.
26. Wugu, Déwa bumi Bathara Singajanma, kayuné wuni, singa weruh kapéngin, yen wis mangan padha éwa atine, manuké kepodhang wataké butarepan, ora dhemen kumpulan karo wong akèh. Gedhongé nèng wuri, wataké kumed. Wugu akasa awang-awang uwung- uwung tegesé jembar bebudiné, bilahiné kena ngupas. Sidhekahé sega dangdangan beras sapitrah, iwaké bèbèk putih loro di lembaran, lan jajan pasar sarupane, dongané slamet kabulna, slawaté 10 kétheng.
87