ing jembangan, tegesé slamet atine, bilahiné mimis. Sidhekahé wedhus tujah utawa topong, dongane slamet kabulna, slawaté dhuwit samas.
Kala ana ndhuwur madhep mangisor, 7 dina aja manek. Kuruwelut kapas agring.
18. Marakèh, Dewa bumi Bathara Surènggana, kayuné trengguli, tan kalap kembangé, artiné tan kena kinongkon adoh, wohé kang asri dadi kembanging paséban, umbul-umbulé malik, cepak kamuktène, gedhongé disunggi, ngatokaké sihing gusti. Marakeh damar agung marapit, tegesé disunggi, élingan, bilahiné kinaniaya. Sidhekahé sega gurih, iwaké dilembaran, jangan warna lima lan Juwadah tukon, dongané tulak tbilahi, slawaté 100 duwit.
Kala ana lor madhep ngidul, 7 dina aja marani kala. Marakèh braina sempal.
19. Tambir, Déwa bumi Bathara Siwah, kayuné upas, tan kena ingauban, manuké prenjak, jinangka gedhé, Bathara Siwah ing lahiré becik, batine ngarepaké (duwé pamrih), gedhongé sinandhing wataké sugih umuk. Tambir aanggara kasih upas racun, tegesé bebudiné ora slame, bilahiné pinaeka ing wong. Sidhekahé sega pulen lan wuduk, iwaké bèbèk lan ayam dipindhang, dongané slamet pina, slawaté pangot waja lan dom siji.
Kala ana kidul kulon madhep ngalor ngétan, 7 dina aja marani kala. Tambir lesu sarirané.
20. Madhangkungan, Dewa bumi Bathara Basuki, kayuné plasa, dadi kembanging, alas, manuké pelung, dhemen saba banyu, budine becik mburi, gedhongé nèng ndhuwur, akèh kang seneng, wicarané alus, narima titahing Hyang. Madhangkungan unèn-unèn kang mbarung, wataké juwèh, bilahiné cinidra ing dalu. Sidhekahé sega punar, iwaké ayam wiring kuning digoreng, lan Jenang abang, mbeneri wetoné (lahiré) dongané nguwur.
Kala ana wétan ngulon, 7 dina aja marani kala, Madhangkungan baya ngurag.
21. Maktal, Déwa bumi Bathara Sakri, kayuné nagasari, manuké ayam alas, akèh kang seneng, wicarané arum, kanggep pangawulane, gedhongé tinumpangan umbul-umbul, kasugihané bareng lan pangkaté. Maktal pancarwara amor angin, tegesé gedhé atine, bilahiné tukaran. Sidhekahé sega pulen lan gurih, iwaké pindhang bèbèk lan ayam lembaran, dongané memulé andika Nabi lan slameting Adam.
Kala ana lor wétan madhep ngidul ngulon, 7 dina aja marani kala Maktal macan luwé.
22. Wuye, Déwa bumi Bathara Kuwéra, kayuné tal, dawa umuré manuké gogik, gedhé butarepane, ngrakit keris ing dagane; landhep atiné gedhongé menga, lila ing kekasihé, kobok banyu sikilé karo, watake nyiram atiné sapadha
86