Neptu 9. Ramal Nabi Musa. Wataké akèh pangarahé, menang perang, ngarepake kabecikan, ambabarake' wirang marang brayat, panastèn, kena bilahi. Tutulake sidhekan jarik sakebar (salembar), aja mangan daging wedus.
Neptu 10. Ramal Nabi Nuh. Watake nglakonana merdagang lan tani kena bilahi. Tutulake sidhekah Jarik sakebar, aja mangan iwak kang bisa mabur.
Neptune 11, Ramal Nabi idris. Watake adoh ing bilahi, karep panggawe' becik, ngarepake' nikmat, kena cacad. Tutulake sidhekah daging banyu (iwak loh), aja mangan emping wos.
Neptu 12. Ramal Nabi Ibrahim. Watake tan kena adoh lan masjid, oleh arta tinggal arta, yèn dudu artané dhéwé kang ora sah ndadèkaké rubédane awake. Tutulaké sidhekah sega gurih, slawate telung kètheng, yen nuju, tanggal 15 adusa ing tuk pitu, aja mangan iwak suhunan (utek).
Neptu 13. Ramal Nabi Adam. Watake begja oleh kanugrahan, akéh artine, sugih anak becik- becik, nemu ala saka anak, agung dipitnah wong, wanci umur satengah tuwuh pisah lan anak rabine. Tutulake' sidhekah keris, aja mangan iwak kang bisa mabur.
Neptu 14. Ramal Nabi Soléman. Watake' sugih arta-arti, kèdhep keringan, nanging awis putra, sring mumungsuhan. Tutulaké sidhekah jarik ireng utawa abang.
Neptu 15. Ramal Nabi Dhawud. Wataké akèh putrané, artiné akèh ilang, agung prihatiné, suka-suka mung sa'anak rabine. Tutulaké sidhekah salaka bobot limang dinar sepuluh saga.
Neptu 16. Ramal Nabi Ngisa. Wataké oleh kanugrahan, nduwèni ati abot, akeh wong asih, kena bilahi. Tutulake sidhekah beras abang sapitrah, sagegem, sajimpit lan pitik abang, sawayah wayahé baé anggone ngabulake.
Neptu 17. Ramal Nabi Mohamad. Watake ora duwé arta, karep ing kabecikan, tetep pangabektine, ora kena suka-suka, akèh satrune, kanugrahané agung, akèh bilahine. Tutulaké sidhekah dodod putih.
Neptu 18. Ramal Nabi Yusup. Watake akèh begjane sugih arta, kena bilahi. Tutulaké sidhekah dodot kuning.
Katrangan saupama bocah lahire'dina Setu Paing. Setu neptuné 9, Paing neptuné 9, gunggung 9 lan 9 = 18 tiba. Ramal Nabi Yusup, mangkono sabanjure.
Mungguh pangetungé uga njupuk saka gunggungé neptune dina lan pasaran nalika lahir.
Yen gunggungé neptuné dina lan pasaran nalika lahir katemu:
Neptu 7. Lintang Mijan, bala lintang kuda, satru lintang Jadi. Wataké agung begjané, akèh godhane. Leksanané angin, tan kena gogonjakan. Larané sirah, sranane nganggo ali-ali mata ijo Jayane'dina Setu sasi Besar. Apesé dina Jumuah sas Rejeb yèn lara dina lan sasi iku, ngalamat wus cepak umuré.79