Kaca iki wis divalidasi
- Tumrapé wong lumrah (dudu dhahar luhur putra sentananing ratu), anané Jeneng kang becik Prawira, Reja, Harja Diharja. Jeneng kang becik iki ora kena dirangkepi karo jeneng kang kurang becik utawa ora becik kang kasebut ing angka 3 lan 4 ngisor iki, kenané mung dirangkepi karo jeneng kang sedheng kasebut ing angka 2 ngisor iki. Uparna jeneng Prawira dirangkepi Dijaya, dadi aran Prawiradijaya. Luwih prayoga yèn dirangkepi Jeneng becik padaha becik, upama Prawira lan Harja, dadi aran Prawiraraharja.
- Jeneng kang sedheng Sura, Jaya, Dijaya, Yuda, Satra, Wardaya, Suma Danu, Mangun, Sudira, Wira, Puspita, Sasmita, Wasita, Warslta, Wirya, Taruna, Krama, Yasa, Purwa lan sapanunggalané kang ora kasebut ing angka 3 lan 4 ngisor iki. jeneng kang sedheng iki uga ora kena dirangkepi jeneng kang kurang becik utawa ora becik kang kasebut ing angka 3 lan 4. Déné prayogané kudu dirangkepi Jeneng kang becik kasebut ing angka 1 ndhuwur, upama jeneng Sura dirangkepi Reja dadi aran Surareja lan liya-liyane, utawa dirangkepi padha sedheng, upama Jaya lan Wardaya dadi aran Jayawardaya.
- Jeneng kang kurang becik Darma, Sudarma, Cakra, Brata, Subrata, Dibroto, Surya. Jeneng iki sanajan dirangkepi karo jeneng kang becik, iya ijih ajeg kurang becik wahanane, kajaba yen kang duwé jeneng mau laku tapabrata.
- Jeneng kang ora becik : Nata, Pranata, Dinata, Winata, Praja, Mangku, Sujana, Sarjana. Jeneng iki sanajan dirangkepi karo jeneng kang becik, uga ora mahédahi, lya tetep ora becik wahanané. Kajaba yèn kang duwé jeneng mau wong kang ahli tapabrata, suçi lan welasasih ing sapadha-padha, iku ana taware Sanajan ora tawar, samangsa kataman ing pakewuh nandhang kasusahan lya kuwat nglakoni ora nggodha katentremaning atine, marga manunggal sawijl tékade, yaiku kang aran wong utama, wis ora kagodha utawa kabanda dening kahaanan donya. Ananging kang mangkono iku arang anané, mula prayogane ora ana alané yèn miliha jeneng kang kalebu becik.
No. 116. Ramal Nabi.
Mungguh pangétungé njupuk saka gunggungé neptuné dina lan saran nalika Yèn gunggungé neptune dina lan pasaran nalika lahir katemu:
Neptu 7 Ramal Nabi Yunus. Wataké sugih anak, ngarepake awang - uwung akeh godhane Tutulake sidhekah timah bobot satail.
78