Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
No. 95. Pal Haduni.

Pétung tibaning umur saben 12 tahun begja cilakane’ ganti miturut dina lahir.

Dina LahirKapisan umur 12 tahunKapindho umur 24 tahunKatelu umur 36 tahunKapat umur 48 tahunKalima umur 60 tahun
Akadtunaharjakagètharjacilaka
Senèncilakaharjakagètharja gedhécilaka
Selasatunaharjakagètharja gedhécilaka
Rebosusahharjasatruning Allahharja gedhékagèt
Kemistunasusahharja gedhécilakatuna
Jumuahharjaakèh sanak takonsatruning Allahtunaharja
Septususahharjasatruning Allahharjaharja

Katrangan : Saupama bocah lahir dina Akad, bocah mau kang kapisan wiwit lahir tuméka umur 12 tahun lelakoné nemu tuna, kang kapindho wiwit umur 12 tahun luwih sadina tuméka umur 24 tahun lelakoné nemu harja, kang katelu wiwit umur 24 tehun luwih sadina tumeka umur 36 tahun lelakoné nemu kaget, kapal wiwit umur 36 tahun luwih sadina tumekane“umur 48 tahun lelakoné nemu cilaka.
Déné wiwit 60 tahun luwih sadina tumekané 72 tahun, lelakoné banjur bali manèh kaya yen wiwit lahir tumeka 12 tahun lan sabanjuré


59