Pétung tibaning umur saben 12 tahun begja cilakané miturut gunggungé neptuné dina lan pasaran nalika lahir.
| Gungguné neptuné lan pasarané nalika lahir | Kapisan umur 12 tahun | Kapindho umur 24 tahun | Katelu umur 36 tahun | Kapat umur 48 tahun | Kalima umur 60 tahun |
|---|---|---|---|---|---|
| 7 | ꦲ | ꦮ | ꦤ | ꦱ | ꦥ |
| 8 | ꦮ | ꦤ | ꦱ | Conto | ꦲ |
| 9 | ꦱ | ꦮ | ꦤ | ꦲ | ꦥ |
| 10 | ꦱ | ꦮ | ꦤ | ꦥ | ꦲ |
| 11 | ꦥ | ꦱ | ꦲ | ꦮ | ꦤ |
| 12 | ꦥ | ꦲ | ꦮ | ꦤ | ꦱ |
| 13 | ꦥ | ꦲ | ꦮ | ꦤ | ꦱ |
| 14 | ꦲ | ꦤ | ꦮ | ꦤ | ꦥ |
| 15 | ꦱ | ꦤ | ꦥ | ꦮ | ꦲ |
| 16 | ꦥ | ꦲ | ꦮ | ꦤ | ꦱ |
| 17 | ꦲ | ꦥ | ꦱ | ꦤ | ꦮ |
| 18 | ꦥ | ꦤ | ꦱ | ꦲ | ꦮ |
Katrangan: ꦲ tegesé Hajar ꦤ tegesé Nabi ꦱ tegesé Sunan
ꦮ tegesé Wali ꦥ tegesé Pandhita
Kang becik yan tibasntanan idhekahe tumpeng 2, iwake pitik putih, sikilé kuning,
digawé lembaran. geréh gate! kuluban ranii lan kacang Klotokan, sambel gepeng, legen sakebake beruk, menyan bobot telung tail kembane warna wolu, slaka bobot llmang saga. Dongané tawil ngumur.
Katrangan manéh : Saupama bocah Jahir dina Akad Legi, neptuné Akad 5 Legi 5, gunggung neptu 10, bocah mau wiwit lahir tumekané umur 12 tahun, ꦱ (becik) umur 12 tahun luwih sadina tumaka umur 24 tahun tiba : ꦮ (ala), Umur 24 tahun luwih sadina tumekane’ 36 tiba ꦤ (ala). Umur 36 tahun luwih sadina tumekané 48 tahun tiba : ꦗ (becik). Umur 48 tahun luwih sadina tumekané umur 60 tahun tiba : ꦲ (ula)
Déné wiwit umur 60 tahun luwih sadina tumeka umur 72 tahun, lelakoné bali manèh kaya yèn umur wiwit lahir tumeka urnur 12 tahun, lan sabanjuré
58