cocog lan dhasaré wateking bocah, murih nemu kabegjan
miturut dina lan pasarané nalika lair.
Pangétungé mangkéné: wêtori dina lan pasaran kabanjuraké tekan pendhak dina kaping 3, saka dina lahiré bocah mau, yaiku mangkéné : gunggungé neptu dina lan pasaran kagunggung, kabagé 5, turah pira, yen turah 1, wiji wétan, turah 2, wiji kidul, turah 3, wiji kulon, turah 4, wiji lor, turah 5, (cèles utawa entèk) wiji tengah. terangé mangkéné ;
Saupama bocah lahiré dina Jumuah Pon,
|
Jumuah Pon, neptuné 6 + 7 = ...., ...., ...., ...., ...., ...., |
13,-
|
Pendhak dina kapindho saka dina Jumuah pon, dina
|
Jumuah Kliwon, yaiku neptu 6 + 8 = ...., ...., ...., ...., ...., |
14,-
|
Pendhak dina kaping telu saka dina Jumuah Pon, tiba dina
|
Jumuah Paing, yaiku neptu 6 + 9 = ...., ...., ...., ...., ...., |
15,-
|
|
gunggung neptu dina lan pasaran |
42,-
|
Neptu 42, banjur kabagé 5, turah 2, yaiku wiji kidul. Upama manèh : Saupama bocah lahiré dina Ngahad Legi.
|
Ngahad Legi, neptuné 5 + 5 = ...., ...., ...., ...., ...., |
10,-
|
Pendhak dina kapindho, tiba dina Akad Pon, neptu
|
5 + 7 = ...., ...., ...., ...., ....,...., ...., ...., ...., ....,...., ...., |
12,-
|
Pendhak dina kaping telu, tiba dina Akad Kliwon, neptu
|
5 + 8 = ...., ...., ...., ...., ....,...., ...., ...., ...., ....,...., ...., |
13,-
|
|
gunggung neptu dina lan pasaran |
35,-
|
Déné wateké wiji siji - sijiné kaya ing ngisor iki :
Yèn turah 1, wiji wétan, wijining kapriyayèn, watèk: 1. Sinomé ingkang rinengga. wiji wétan kang darbèni Hyang Bathara Endra lan putra Dyah Tarą Dewi, kuthanya kencanadi, kéndraning Samodra madu, peksinya atat kembang, ingon-ingoning narpati, kajengira nagapuspa rum kang sekar. 2. Sembada warnanya éndah, isèn-isèn tamansari, jalu tanagi wanita, yèn wiji wétan kang jalmi, kabegjanira sakti, suwita jalaranipun, wetuning sandhang pangan, saking pasihingh gusti, kathah kedhik samurwaté juga-juga.
Yèn turah 2, wiji kidul, wijining sudagar, wateké : 1. Wiji kidul ginupta, déwanira kang darbeni, nenggih Hyang Bathara Brama, lan atmaja Dyah Bremani, kithanira tembagi, kinubeng segara marus, manúké reng-urangan, telatèn ngupaya bukti, datan wigih angusir minèng jro toya. 2. Kayuné ingas wataknya, sumuk lamun dén aubi, wong wiji kidul sanadyan, lanang wadona kang jalmi, kabegjanira saking, amerdagang cari untung, yèku kang dadya kasab, panggayuhing sandhang bukti, ing samurwat - murwat wijiling kabegjan.56