Kaca iki wis divalidasi
No. 87. Tamba bayi lara sawan.
- Godhong inggu, gagang suruh, dlingo, bawang, kabèh pinipis binanyonan sathithik, diuyahi sathithik, banjur kaperes disaring, banyuné dicekokaké.
- Godhong legundhi lan brambang kapipis, binanyonan sathithik, diuyahi sathithik kaperes disaring, banjur kacekokaké.
- Pucuking dlinģo 3 iji kabakar ngarti gosong, lan adas pulawaras kapipis, banjur diwor karo jeruk pecel, kayu angin, oyod bayem, kèh sathithil; sapantesé baé, banjur diwadhahi ing kriyuk, dibanyoni 2 mangkok kagodhog, banyuné dikarekaké samangkok, banjur diombèkaké sadina ping pindho, nganti 3 dina.
- Oyod brambang oyod suket lulangan, adas pulawaras, secang bathok krambil laut, kabeh kapipis binanyonan sapaniesé, banyuné kacekokaké, ampasé kaborèhaké.
- Godhong sikil sawit, ganti, mesoyi, jinten, majakan, lempuyang, kabèh dimamah kang lembut, nuli disemburaké kang warata.
———————
No. 88. Tamba bayi kembung.
- Adas sajimpit, brambang siji, kedhawung sajodho dibakar mateng kabèh kapipis, banjur kanggo tapel ing wetengé.
- Godhong inggu satekem lan brambang, kapipis, diwori lengo putih, kanggo tapel ing wetenge.
- Yèn bocah grayangané panas, banjur tapelana godhong dhadhapsrep kang ijih semuruh, pinusus, banjur ditapelaké.
- Oyod lembong 1 wit, adas pulawaras sajimpit, brambang 1, kayulegi sajenthik, kaplpis binanyonan diuyahi sathithik, banyuné kacekokaké
- Bocah kembung prayoga aja didusi, sarta sikilé kiwa tengan, dlamakan, tangan kiwa tengen, èpèk -èpèk padha padha digosok brambang karo lenga klethik.
———————
No. 89. Tamba bayi lara panas.
- Dlingo sapucuk jenthik, benglé sairis, katumbar sajimpit, brambang 1, mesoyi sapuçuk jenthik jinten ireng sajimpit, seprantu sacuwil, jenggot ajar sajenthik, kumis sajenthik, dikumbah resik, dipipis binanyonan cokak jawa sathithik lan lenga putih sawatara sapantesé nuli dibionyohake awaké sakojur tekan sirah, lan banjur dikrukub.
- Yèn diantarakaké mangka panasé ijih ajeg, null tambanana godhong jinten sathithik, brambang 2 iji, banjur karemed diwori cokak jawa, banjur dikomprèsaké ing sirahé, aja lèrèn lèrèn yén durung sirep panasé.
54