Kaca iki wis divalidasi
- Kajaba saka iku, longkangé dina kanggo jejanu kang kasebut ing ndhuwur mau, wiwit anggarbini nom tumeka tuwa, luwih prayoga yèn uga jejamu kaya ing ngisor iki:
- Kang kerep ngombe cabe' lempuyang, mung nganggo diuyahi sathithik.
- Ngombé banyuné godhongan kacang ijo, ampasé kadhahar uga luwih prayoga.
- Déné kang dienggo borèh, yaiku gagang suruh, didhedhegi dhisik, lan kacang ijo digodhog, dicampuri lenga wangi banjur kaborehaké ing padharan.
- Yèn anggarbini ora bisa mbebuwang kang samesthiné, padharané tapelana : godhong semangka, godhong jarak ijo, godhong gandarasa, brambang, adas pulawaras, temu putih, dlinggo benglé, lempuyang, banjur kapipis nuli ditapelaké ing padharan lan sakiwa - tengené.
No. 76. Tamba sawise nglairaké jabang bayi.
- Ing saben ésuk soré, wedhakana beras kencur nganti sapasar lawasé.
- Lan uga wednakana : temutis, benglé, kunci, lempuyang emprit, godhong poo, kencur, seprantu, godhong lan kulité jeruk purut, kayuangin, sintok, mesoyi, cabé, bawang, brambang, cengkèh, pala, adas pulawaras, jinten ireng, jinten putih, waronsari, mungsi, dlingo, kembang tapèn, mrica putih, banjur kapipis binanyonan saprayogané banjur kanggo wedhak.
- Ngombé jamu kang digawé laos, bawng putih, uyah goréng, kapipis binanyonan banjur kaombé.
- Ngombe janu parem kang digawé saka : ketumbar, mungsi jawa, adas pulawaras, Jinten ireng, cengkèh, kemukus, kapulaga, sidawayah, sukmadi- luwih, kembang pulu (kembang sumba), widara laut, secang, manis jangan, sintok, mesoyi. kayulegi, kayuangin, kadhawung, pala, kencur, kunir, temugiring, temulawak, asem ireng, kabèh mau diepé, yèn wis garing banjur didheplok dadi bubukan, yèn arep jejamu njupuka saperluné binanyonan diuyahi sathithik banjur kaombé.
- Tapelé kembang kenanga, benglé, jongrahab, ketumbar bolong, kapipis banjur ditapelaké.
- Utawa suruh, benglé, ketumbar bolong, jongrahab, kapipis binanyonan sathithik, banjur ditapeiaké ing padharan.
- Pilise, yèn esuk nganggo godhong turi, jongrahab, ketumbar bolong, brambang, kapipis banjur kapilisake, yèn ora bisa kraket binanyonan sathithik.
49