Para sadulur - sadulur sijabang bayi mau, kajaba disumurupi kaya kasebut ing No. 63 lan uga diléla - léla sarana kikidungan, mangkéné kikidungane;
DHANDHANGGULA.
1. Ana kidung akadang premati, among tuwuh ing kawastanira, nganakaken saciptane, kakang kawah puniku, kang rumeksa ing awak mami, anekakaken
sedya, pan kawusananipun, adhi ari-ari ika, kang mayungi ing laku kuwasanèki, ngenakaken pengarah.
2. Ponang getih ing rahina wengi, angrowangi Allah kang kuwasa andadèkaken karsane, puser kuwasanipun, nguyu-uyu sembawa mami, nuruti ing
panedha, kuwasanirèku, jangkep kadangingsun papat, kalimané pancer wus sawiji, nunggal sawujud ingwang.
3. Yěku kadangingsun kang umijil, saking margaina sareng samya sadina awor enggoné, sakawan kadangingsun, ingkang ora umijl saking, margaina
punika, kumpulé lan ingsun, dadiya makdumsarpin sira, wawayangan ing dat reké dadiya kanthi, saparan datan pisah.
4. Yèn angidung poma dèn memetri, mumuléa sega golong lima, takir
ponthang wawadhahe iwak - iwakanipun iwak tasik rawa lan kali, sarta iwak
bengawan, mawa gantalipun, rong supit winungkus samya, apan dadya sawungkus
arta sadhuwit, sawungkuse punika.
5. Tumpangena nèng ponthangnya sami, dadya limang wungkus ponthang
lima, sinung sekar cepakane, loro saponthangipun, kembang borèh dupa, ywa
lali, memetri ujubira, donganira mahmud, poma dipun lakonana, saben dina nuju
kalahiran neki, agung sawabé ika.
6. Balik lamun nora dèn lakoni, kadangira pan padha ngrencana, temah
udrasa ciptane, sesedyanira wurung, lawan iuput pangarahanèki, sakarepira wigar,
gagar datan antuk, saking kurang temenira, madhep laku iku dèn éling, samya
dèn kawruhana.
No. 67 Yèn bayi sumeng.
Yèn bayi sumeng rama ibuné padha ndilatana mbunbunané, èpek - èpèké
karo pisan, lan dlmakané uga karo pisan, anggone ndilati wiwit saka kiwa. Déne
yen rèwèl kerep nangis, banjur ngidunga kaya ing ngisor iki :
KINANTHI.
1. Yèn nangis laré puniku, léla - lélanen anuli, supaya doh kang lalara, sarap sawane alari, tan want anyedhakana, saking rokhmate Hyang widi.
2. Winacaa puji Iku, sétan lumayu nggendring, sarap sawane anyimpang, panca baya pan sumingkir, kala - kalane akesah, datan wani amarani.
44