Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
No. 61. Kopohan

Jarik tilas dienggo tapih nalika duwé bayi, sawisé dikumbah resik banjur dirawati (ora keno dienggo). Dené kanggoné mung yèn si bayi ora kapénak awake, iku ginawé suwuk dikemulaké. Apadéné dienggo bésuk yèn duwé anak manèh. Sarta kang ngumbah kopohan mau nganggo penebus (diupahi) dhuwit suwang saprapat (suwang sabenggol 10,5 sen).



No. 62. Slametan brokohan.

Yèn bayi mentas lahir, dibrokohi yaiku endhog mentah cacahé miturut neptuné dina lan pasarané lahiré bayi iku, gula jawa, dhawet, lan ambeng diwadhahi tampah, iwaké kebo siji (iwak daging sathithik, lan sarupané jerohan sathithik sathithik dipepaki sarta matané siji) lan pecel pitik jangan menir.



No. 63. Rencanané bayi lahir.

Kang anggoda para Déwa, utusané Sanghyang Siwa, yèn bayi lahir lagi oléh "

Sawengi, kang ngrencana Bathara Kala, rupa asu ajag tekané surup srengéngé, tulaké lawang - lawng obongana wlirang, sajroning omah oborana blarak sawengi ping telu, sajèné sega punar iwak ati saundhuhan, kinang, pangilon, kelut, sapu gerang, kendhi, papan damar nèng dhaganing bayi, bapakné ngubengana omah lan muji mangkéné: Akala nama siwa.

Rong bengi, kang ngrencana Bathara Brama rupa sapi, tekané sirep wong, tulaké lawang didodoki godhong nanas dilonthèngi putih lan ireng, ngobong kulit brambang, jeron omah diobori nganggo blarak sawengi ping telu, sajèné: sega abang lawuhé kuluban, kinang, pengilon, sapu gerang, papan kendhi, damar neng dhaganing bayi, bapakné ngubengi omah lan muji mangkéné: Hong brama sia yama swa nénu.

Telung bengi, Bathara wisnu rupa cèlehg, tekané tengah wengi, tulaké pipi lawang dèkèkana ri widara, lan ngobong godhong tanjung, sajroning omah diobori nganggo blarak sawengi ping telu. Sajèné: sega ireng iwak banyu, kinang, menyan madu, kembang borèh, kelut (sapu), papan pengilon, sapu gerang neng, dhaganing bayi, damar, bapakné ngubengi omah lan muji mengkéné: Oma suyuna manta slano slana.

Patang bengi, Bhatara Guru rupa manuk perkutut, lan Bathara Mahadéwa rupa wedhus, apa déné Bathara Yama rupa Sanggira, Bathara Brama rupa sapi, Bathara Kuwera rupa tikus, Bathara Pritanjala rupa manuk emprit, Bathara Langsur rupa menjangan, Bathara Kala rupa asu, Bathara Ludra rupa sapi Handini, Bathara Surya rupa ula, Bathara Candra rupa kucing. Tutulaké omah

41