Babaring piwulang Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwono ing Ngayugyakarta Hadiningrat, Kawedharaken lumantaring Dhawuh Timbalan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Ingkang Jumeneng kaping V, ingkano awit suking kawaskithan Dalem, lajeng kawrat ing Kitab Adammakna dening Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat. Inggih Kitab Adammakna punika ingkang minangka baboning sadaya primbon. Primbon punapa kemawon sami pepethikan saking Kitab Adammakna punika :
I. KITAB PRIMBON BETALJEMUR ADAMMAKNA
II. KITAB PRIMBON LUKMANAKIM ADAMMAKNA
III. KITAB PRIMBON ATASSADHUR ADAMMAKNA
IV. KITAB PRIMBON BEKTIJAMMAL ADAMMAKNA
V. KITAB PRIMBON SHAHDHATSAHTHIR ADAMMAKNA
VI. KITAB PRIMBON QOMARRULSYAMSI ADAMMAKNA
VII. KITAB PRIMBON NAKLASSANJIR ADAMMAKNA
VIII. KITAB PRIMBON QURAYSIN ADAMMAKNA
IX. KITAB PRIMBON AJIMANTRAWARA, YOGABRATA, YOGAMANTRA
X. KITAB PRIMBON KUNCI BETALJEMUR
lan sapiturutipun.
Minangka pambabaring sadaya piwulang Dalem ingkang dinapur ing pralampita, wedharan Dalem Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat salebeting Kitab Adammakna Ingkang kawursita salebeting primbon-primbon wau, wiwit tumapak ing tahun 1990, inggih ing wiwitaning tahun Alip Windu Sancaya punika sadaya primbon badhe kababar malih, amrih migunani sarta ambrekahana ing ngakathah. Sadaya wau rinumpaka sarta kawuryan dening canggah Dalem KPH Tjakraningrat, pun Ir. Wibatsu Harianto Soembogo (RW Radya Seembogo) atas saking palilahipun ingkang kagungan warls buku - buku Tjakraningratan inggih panjenenganipun : Ibu Siti Woerjan Soemadijah Noeradyo.
Ibu Siti Woerjan Soemadijah Noeradyo
Minangka tandha palilah, pambabaring buku - buku serie Adammakna punika.