Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Jolen isi wit lombok, wit térong, wit parijata utawa ranti, padha nyarakit, sarta tebu arjuna sarakit, mung baé tebuné ora diwadhahi jolèn, nanging digawa ing uwong.

Jolèn isi beras lan krambil sajanjang, lan ana uga kambilé mau pamikulé ora diwadhahi jolen, sarta kambilé nganti 25 glundhung akèhé.

Jolèn isi dandang, kendhil, cèrèt, kenceng, siwur, kabèh, saka tembaga, sarta iyan lan ilir.

Jolen isi gawangan, bandhul, wajan, canthing, lawon lan dhakon.

Jolèn isi anggi anggi, yalku jamu gallan, diwadhahi ing ponjèn kang kinredhongan ing cindhé, utawa diwadhahi bothèkan, uga kinrodhong cindhé, sarta dhuwit pecah 25 rupiah abang, diwadhahi kanthong (25 rupiah abang = ± f 20,84).

Jolèn isi sega iwak lan lawuhan liya liyané, sarta panganan rupa-rupa.

Déné yèn salah sijiné besan ana sing wis ajal, nganggo sasrahan bendhé.

Mungguh lakuné sasrahan kebo sarakit ana ngarep dhéwé, tumuli banyak lan pitik sakembaran lanang wadon, diemban cindhé utawa sindur. Banjur tebu arjuna sapasang digawa (dicekel) uwong, sarta jolèn kang isi wit lombok, térong, parijata utawa ranti. Kasambung jolèn-jolèn liya-liyané. Apadéné jodhang- jodhang kang isi sega iwak lan lawuhan sarta panganan, iku kang ana ing mburi. lakuning sasrahan (lamaran) iku, sadalan dalan dadi tontonaning uwong akeh.

Satekané ing panggonané wong tuwané pangantèn wadon, kinormatan unining gamelan nalaganjur. Para tamu kakung kang angring sasrahan anjujug ing pandhapa, tamu èstri lumebu ing omah mburi.


No. 47. Siraman pangantèn.

Dina ngarepaké midodareni pangantèn lanang wadon didusi lan kramas, adusé nganggo banyu sekar setaman (banyu didèkèki kembang). Kosokané glepung beras mancawarna (warna 7), diwori mangir, pandhan wangi lan godhong kemuning, kang ngedusi sanaké kang sepuh sepuh. Déné lungguhé ing dhingklik dilèmèki klasa anyar lan godhong godhongan apa-apa, kara, kluwih, dhadhapsrep, alang alang, sarta diwènèhi kang bangsané sembet yaiku lètrèk, jingga, bangun - tulak, sindur, sembagi, sléndhang lurik puluhwatu, yuyusekandhang lan lawon. Yèn wis resik banjur diwuloni banyu kang diwadhahi klenthing, sarta klenthingé nuli dipecah déning para sesepuh kang ngedusi, sarta karu muni wis pecah pamoré. Déné sajèné kasandhingaké ing sacedhaking papan adus kono, rupa tumpeng robyong, tumpeng gundhul, jenang abang putih, jajan pasar, kembang sarta pitik urip-uripan.


31