Kaca iki wis divalidasi
Wujudé |
Kang dicaosi dhahar
| |
| 1 | Apem ketan kolak | Mumulé luhur |
| 2 | Sega adhem - adheman ( wajar lawusé janganan lan endhog - ghodogan, tanpa uyah lan liyané | Panuwun katentreman |
| 3 | Sega golong lulut, lémék lan tutup endhog dadaran ( ngisor lan sandhuwuring golong didèkèki endhog dadaran ). | Panuwun kumpuling kawula gusti |
| 4 | Sega gebuli lawuh endhog wutuhan, brambang wutuhan padha digoréng lan iwak goréngan, sarta wédang bubuk. | Mumulé sèh Abdulkadir Jaélani |
| 5 | Ketan slak | Mumulé K.P. Sénapati |
| 6 | Bakaran iwak lan ati candu | Mumulé kang rumeksa gilang |
| 7 | Ketan salak, endhog ayam dipindhang | Mumulé K.S. Agung |
| 8 | Kolak kencana ( gedhang mas wutuhan sakulité dikolak ) | Mumulé K. Ratu Kidul |
| 9 | Ketan punar, entén - entén, tutup sarta lambaran endhog dadaran (ngisor lan sandhuwuring ketan punar didèdèki endhog dadaran ) | Mumulé Panembahan Bodho |
| 10 | Dhawet | Mumulé Hyang Antaboga |
| 11 | Rujak degan | Panuwunan seger kewarasan |
| 12 | Ketan mancawarna (ketan digawé rupa : abang, ljo, kuning lan sapanunggalané ). | Mumulé bangsa mas inten, wesi lan sapanunggalané |
28