Menyang kontèn

Kaca:Kitab Primbon Betaljemur Adammakna.pdf/253

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

utawi ukaranipun ingkang kadamel walaka tanpa warana. Nanging sadaya wau mesthi sami rinumpaka ing lelungidan dhapur basa paribasan, saloka, pasemon, punapa dene pralampita lan sesaminipun, ados prasasat kita sami kinen ambatang cecangkriman.

Dene menggah pikajengipun perlu kangge angadekaken saha ngluhuraken punapa dene perlu kangge dhedhasaring pamarsudi tumrap para ingkang badhe ngangsu kawurh, supados tansah anandangaken kalimpadaning pambudi. Mila ingkang kirang landhep langkung-langkung kaengetanipun kethul landhep dengkul sampun temtu mboten badhe saged nampeni suraosing piwulang wau. Lah amila manawi badhe ngawuningani kawruh ing salebeting piwulang wau kedah sesuci sarta pamendhetipun kedah mawi pangot waja, liripun sesuci panyuraosipun kedah ingkang resik sampun ngantos katrocoban ing rembag sanes, liripun ngangge pangot waja inggih punika anggenipun kita nyumerebi dhateng suraos tuwin maksuding ukara kedah sarana dedamel ingkang mawujud landheping panggraita, inggih padhanging pangangen-angen.

Lah sampun kacihna punapata dene piwulang Dalem wau sami sinamudana ing saloka, ing basa sesandhi, pralampita, inggih saking luhuripun piwulang Dalem salebeting Saloka Dewa, nenggih sasandhining wara Narendra, amila inggih kasebut "Maha Sandhi Wara Darma".

Babaring piwulang Dalem ingkang kawrat ing Kitab Adammakna wau, wiwit tumapaking Windu Sancaya, tahun Alip 1923 utawi tahun masehi 1990 punika lajeng badhe kababar malih sumebar ing Nuswantara.

Wiwitaning pambabar Seri Adammakna sampun dumugi 8 jilid inggih punika :

I.KITAB PRIMBON BETALJEMUR ADAMMAKNA

Kitab Primbon Betaljemur Adammakna kasebut ugi Betaljemur jilid I inggih Seric Adammakna jilidan angka I, ngewrat rupi-rupi ngilmu ingkang taksih ginaib, tuturutan saking kalempakaning sadaya primbon. Ingkang kagungan buku Betaljemur punika prasasat tinenggan dening guru, sebab sadaya ruwet renteng kabetahanipun saged angsal pitedah saking Primbon punika sarta pinanggih nyata lan maremaken. Mila saya dangu saya kondhang kaonang-onang. Tumraping sasadeyan kabasakaken "Dhodhok kumroyok ngadeg gum redeg" tuwuh ing panyuraos punapa Betaljemur punika yasanipun Sang Hyang Maha Dewa. Lah inggih pancen kapara nyata manawi basa minangka wedharing sesandhi bab suraosipun Dewi Retna Cindhaga ingkang minangka cihnaning Sang Hyang Maha Dewa inggih Kang Maha Kuwaos.
Dumugi ing wekdal punika Betaljemur Jilid I punika sampun ngancik Cap-capan ingkang kaping 50.

Awit saking dene kathahipun ingkang sami nothol daya-daya kepengin kagungan Primbon Betaljemur punika, pramila anjagi kakisruhan ngaturi priksa bilih ing wiwitaning tahun 1983 dumugi tahun 1990 punika wonten sawenehing tiyang ingkang kumawantun ngedalaken Betaljemur inggih Betaljemur palsu, ingkang ngeplek Kitab Primbon Betaljemur wedalan Maha Dewa, katitik cap-capanipun

248