Kaca iki wis divalidasi
Wangsulaning pitakonan bagéan 21.
| A. | Pegatan balé, marga lakuné kang ala dimarèni. |
| B. | Kang perang tumeka pati, ilang kuwandané. |
| C. | Padu iku menang, nanging cucul arta akèh. |
| D. | Ing tahun iki kauntungané ana ing dharatan. |
| E. | Kedut arep katemu sanaké. |
| F. | Impèn arep kedhayohan. |
| G. | Dina iki slamet, kanggo wong séjé akèh sangkalané. |
| H. | Wong kasusahan suwé olèh pangapura. |
| I. | Wong lara suwé warasé. |
| J. | Metu wadon kang tuwa musakat. |
| K. | Lanang rabi ayu, adon laki ala. |
| L. | Ningkahan iku ora lawas pegatan. |
| M. | Padha dhemené wis padha weruhé. |
| N. | Dina iki lumaku, slamet. |
| O. | Sanak iku slamet atiné. |
| P. | Barang ilang kang njupuk durung adoh, bisa katemu. |
| Q. | Kang lunga yèn dharat énggal mulih. |
| R. | Aja lunga saka kene, marga meh tumiba begjané. |
| S. | Sasi iki tansah kapitunan. |
| T. | Yèn wis liwat taun iki tumeka begjané. |
| U. | Kakarepané akèh kasembadané. |
246