Kaca iki wis divalidasi
Wangsulaning pitakonan bagéan 7.
| A. | Sanak iku dhemen gawé cilakaning wong. |
| B. | Barang ilang ora ketemu, dijupuk wong lanang. |
| C. | Wong kang lunga énggal mulih. |
| D. | Kabegjan ora tumiba ing kéné. |
| E. | Bakal oleh bathaten akèh. |
| F. | Kabegjan arep tumeka, nanging margané susah. |
| G. | Kena diarep-arep, nanging aja diaya-aya. |
| H. | Pegatan ora niat balèn. |
| I. | Kang perang kataton, nanging ora mati. |
| J. | Padu iku suwe olèhé putusan. |
| K. | Ing dharatan lan ing lautan tansah oleh untung. |
| L. | Kedut arep tampa rizeki. |
| M. | Impen iku becik, arep nampa seneng. |
| N. | Dina iki ana wong siji kang gawé cilaka. |
| O. | Ana wong gedhé nulungi, kasusahan énggal luwar. |
| P. | Ora susah ditambani, bakal waras dhéwé. |
| Q. | Metu lanang, sugih begja. |
| R. | Bisa rabi ayu, nemu kauntungan. |
| S. | Ningkahen iku becik, nanging ing mburi susah. |
| T. | Wong iku dhemené marga ana sababé. |
| U. | Rong dina éngkas lumaku, becik. |
Wangsulaning pitakonan bagéan 8.
| A. | Yèn lumaku sapungkuré dina iki, becik. |
| B. | Sanak iku duwé lara ati saka kowé. |
| C. | Barang ilang yèn digoleki bisa ketemu. |
| D. | Ora mulih, sabab ana kang dadi ati. |
| E. | Lunga'a saka kéné supaya nemu begja. |
| F. | Sebab saka wong, bakal nemu kapitunan. |
| G. | Kabegjan wus cepak. |
| H. | Kang dikarepake ora kasembadan. |
| I. | Pegatan, ora niat balèn. |
| J. | Kang perang mati, ilang layoné. |
| K. | Padu iku banget susahé. |
| L. | Ing dharatan suwé-suwé nemu kauntungan. |
| M. | Keduten ngalamat adoh begjané. |
| N. | Impen bakal nemu kasusahan. |
| O. | Ana sangkalané, nanging ana kang tulung. |
| P. | Nyuwuna pangapunaring Allah. |
| Q. | Kang lara tambana ing nagara liya. |
| R. | Metu lanang mbesuk dipangan macan. |
| S. | Oleh rabi ayu nggawa arta. |
| T. | Yèn ora liwat sasi iki, ningkahen becik. |
| U. | Wong iku benci kabatinan. |
239