Kaca iki wis divalidasi
Wangsulaning pitakonan bagéan 5.
| A. | Kang lunga énggal teka, nanging lunga maneh. |
| B. | Ngaliha saka kéné, begjané ing liyan nagara. |
| C. | Tansah nemu babathen. |
| D. | Yèn tanpa kanca, begjané ora katampa. |
| E. | Kakarepané saka karepé kasembadan. |
| F. | Pegatan saka karepé dhéwé, ora bisa balèn. |
| G. | Kang perang begja nemu kasinggihan. |
| H. | Padu ora putus dhéwé. |
| I. | Ing dharatan akèh alangané, becik ing lautan. |
| J. | Keduten arep padu karo sanak kang wis becik. |
| K. | Impén iku ora becik. |
| L. | Dina iki cepak sangkalané. |
| M. | Kasusahan tumuli sirna. |
| N. | Wong lara tumeka sirna. |
| O. | Metu lanang cepak cilakané. |
| P. | Lanang rabi ala, wadon laki bagus. |
| Q. | Ningkahen aja ramé-ramé murih slameté. |
| R. | Wong iku dhemen salawasé. |
| S. | Yèn lumaku dina iki nemu kasusahan. |
| T. | Sanak iku duwé karep marang rabimu. |
| U. | Barang ilang dijupuk wong wadon. |
Wangsulaning pitakonan bagéan 6.
| A. | Barang ilang dijupuk sanaké kang wis becik. |
| B. | Enggal mulih, saiki lagi nerangaké prakara. |
| C. | Ana ing ngendi baé ora nemu begja, marga atiné ora temen. |
| D. | Ing saiki nemu kapitunan. |
| E. | Kabegjané durung tumeka. |
| F. | Kakarepané ora kasembadan. |
| G. | Pegatan ana kang nyetani, bisa uga balèn. |
| H. | Kang perang mati lan ilang sirahé. |
| I. | Padu ora rampung tumuli. |
| J. | Kauntungané ana ing lautan. |
| K. | Keduten arep katekan sanaké kekasih. |
| L. | Impén arep nemu kacilakan. |
| M. | Ing dina iki ado sangkalané. |
| N. | Ora oleh pangapura, tumeka billahi. |
| O. | Kang lara énggal waras. |
| P. | Metu wadon gawe' kamlaratan. |
| Q. | Aja sida ningkah, marga akeh kang njalili. |
| R. | Oleh rabi becik bisa nguripi. |
| S. | Sanajan uga dhemen nanging atiné ora bener. |
| T. | Aja lumaku dina iki akeh begalané. |
| U. | Sanak iku ora bener atiné. |
238