Kaca iki wis divalidasi
Wangsulan pitakonan bagéan 1.
- Karepé bisa kasembadan
- Ora nganti pegatan
- Kang perang ora mati mung tatu.
- Ing dina iku asor mati wicarané antinen liya dina.
- Kauntungane ana ing lautan
- Koduten arep ana kabar kasusahan
- Impen arep kasusahan
- Dina iki akèh cilakané.
- Kasusahan oleh pangapura.
- Lalara dadi patine.
- Kang meteng metu wadon slamet.
- Lanang rabi ayu, wadon laki ala..
- Ningkahan akeh cilakané
- Lahire baé becik, batiné ora dhemen
- Ing dina iku nemu slamet.
- Sanak iku atine ora bener.
- Ora ilang, alon alon bakal ketemu.
- Wong kang lunga lawas mulihé.
- Kabegjane ana ing liya negara.
- Sajroning sasi iki kapitunan.
- Kasegjan ora tumeka.
Wangsulaning pitakonan bagéan 2.
- Kauntungan oleh ing nagara liya.
- Yèn ora ketulungan, karepé ora kasembadan.
- Bisa balen, sabanjuré ora bisa pisah.
- Kang perang dadi ing patine.
- Paduné ora kalah, nanging cucul dhuwit akèh.
- Kauntungane ana ing dharatan.
- Keduten arep ketemu sanaké.
- Impén arep tampa dhuwit.
- Dina iki ora ana sangkalané.
- Ora oleh pangapura, tumiba ing bilai.
- Lalara iku enggal saras.
- Metu lanang dawa umuré.
- Lanang rabi ala, wadon lak! bagus.
- Ningkahan iku becik, aja lali wong tuwané
- Aja lumaku, ora becik, nemu cilaka.
- Sanak iku atiné bener.
- Barang ilang dijupuk sentanané, ora ketemu
- Wong lunga énggal mulih.
- Kabegjan tumiba kéné.
- Bakal oleh babathen.
236